Saturday, May 3, 2014

Cerkak



WIRANG
Rerantaman adicara kang bakal kaleksanaake ing tempuking gawe wus katata dharik.
Sawenehing ubarampe ora ana kang keliwatan. Samubarang kang bakal ngregengake wasana uga tan ana kang kecicir. Panggung lan gedebog pisang kanggo wayangan katon gagah ing sangarepe pendhapa omah kang nyata gedhe. Ora maido pancen Kirno iku wong sugih mblegedhu ing desa kana. Kajate Kirno mung siji yaiku bakal mantu gedhen-gedhen, ngiras-ngirus nuduhake marang wong-wong desa kana yen anake, Kiman, ya payu rabi. Umume pancen kang duwe gawekang wedok, nanging iki sisan ngundhuh. Kekarepan iku kajurung amarga saka suwarane wong-wong desa kang nate ora ngenakake atine Kirno nge-nani Kiman, yaiku Kiman ora payu rabi, diemohi wong wedok amarga wedi yen didadekake bekakak pesugihane Kirno. Mula pantes yen Kirno kepingin gawe wirang wong sadesa.
Marni, calon sisihane Kiman wis ana setengah wulan melu Kirno. Mbuh karepe Kirno utawa Kiman piye,kang mesti wong-wong sadesa dadi ngerti lan kenal bocah wadon calon mantune Kirno kuwi. Bocahe pancen ayu tenan, Marni sawijining kenya kang ora angkuh.
Tempuking gawe kari dina sesuk, mengko bengi upacara ijab kabul sisan midodareni.
Kabeh wis siap, panjer kanggo uba rampe ora nguciwani. Organ tunggal uga katata pisan kanggo nyugata ing malem midodareni. Ki Sumardi ora gelem keri. Dhalang kondhang kang bakal ngudhar cerita Alap-alapan Dewi Sembadra wis njejer wayang. Wis pokoke swasana pancen ngluwihi pasar malem. Kirno lungguh ing sangisore wit ringin sepasang kang ngrembuyung minangka dadi gapura.Kadadak Kiman nyedhaki nuli matur rada sora amarga kebrebegan suwara saka salon kang gemranggang.
"Pak, ngertos Marni?" pitakone Kiman. "Mau pamit arep tuku pulsa," jawabe Kirno. "Kok cepet men entek.." "Jarene mau ya isih, mung kanggo persiapan sesuk yen ngontak keluwargane." "Marni leres, Pak. Lah yen besan ngantos telat rak mboten karuwan. Kewirangan tenan awake dhewe."
"Ora! Sapa kang arep mirang-mirangake? Ora bakal wani, wong tangga-tanggakang serik aten kae wis kewirangan marga aku sida ewuh." Durung tutug angone rerasan, Kimpul nyela arep nyilih sepedha motor kanggo photokopi.
"Photokopi mengko sore wae, iki pite lagi digawa Marni," wangsulane Kirno.
"Wah ngertiya bareng.Kalih sinten wau, Pak?"
"Mbuh, ketone ya karo cah nom-noman kene..." Kimpul enggal niggalake Kirno lan Kiman, ora sawetara suwe Kirno uga ninggalake papan kana, dene Kiman isih keri, nunggu Marni karo nyawang kahanan njaba. 
Nalika rada sawetara kang dienteni ora njedul, Kiman nedya enggal ngebel utawa SMS marang Marni. Ngabarake ana apa tuku pulsa kok suwe temen. Sawise teka kamar, Kiman bebeg bingung nggoleki HP-ne, ning njur mikir mbok menawa diisekne sisan dening Marni, wong Marni senenge ngisi electric. "Jane arepa ngisi elektrik, rasah nggawa HP ya isa...? Ah, Mbuh!" Kiman gemreneng dhewe. Dheweke njur nggoleki bapake saperlu nyuwun ngampil HP. Kirno rada clingukan nggoleki HP nalika Kiman nembung ngampil. Kudune ora kelalen wong anggone nyelehake HP-ne wis mesthi. Ora nate pindhah, yen ora neng ndhuwur lemari dhipan, ya nang njerone.
 "Adhuh, Man. Aja-aja Marni tumindak culika.." celathune Kirno. "Ampun nambahi dheg-dhegan, Pak. Kula nggih kraos kirang sekeca."
"Katone ya ora ta, Man. Watake Marni saben dinane ya becik ngana," ngendikane Kirno kapunggel tekane Kimpul kang banjur matur, "Niki HP-ne, Pak."
"Oalah Pul...Pul! Yen nggawa HP ki mbok ya ngomong! Gawa rene...gawa rene!"
"Lho, njenengan niku dos pundi?Wau ngendikane titip.Ajrih menawi dhawah amargi njenengan badhe minggah andha. "Oh, iya.Wis gek ndang dibel si Marni," jawabe Kirno njur ora nggagas Kimpul. Kiman gage mencet tuts nuju marang HP-ne Marni. Ora suwe HP diudhunake saka kupinge. "Piye Man? " pitakone Kirno. "Sing nampi Mbak Veronika, Pak," wangsulane Kiman guyon, kamangka atine saya dheg-dhegan. Dheweke banjur nyoba mencet nomer HPne dhewe, mbok menawa bener digawa Marni. Kiman rada lega amarga ana nadha panggil. Bener, saka liya pangonaan ana jawabane Marni. Suwara metu enggal digedhekke karepe ben bapake uga mireng apa kang diomongke.
"Nang ndi, ta Dhik. Tuku pulsa apa tuku suwe?" ujare Kiman. "Aku mampir gone Sari. Lha ya kanca kenthel kok, Mas..." wangsulane Marni. "Iki wis meh Maghrib, kowe kudu dandan barang."
"Iki mengko mampir salon sisan."
"Rak wis tak sewakne juru rias, ta?"
"Gak marem, Mas. Aku pilih didandani Mbak Putri wae. Aku pilih nganggo cadhar gaya manten Timur Tengah. Saiki kan lagi modhel, Mas."
"Ya wis karepmu. Iki kowe lunga karo sapa?"
"Dhewe."
"Ngendikane Bapak, mau boncengan karo cah nom kene."
"Rasah cemburu Mas. Kae mau mung tak kon nyelah. Lha starter pijete mati ngana, kok."
"Nggih ta Pak?" pitakone Kiman marang bapake kang lagi nggatekake kabeh obrolane Kiman lan Marni. "Sangertiku, mau boncengan. Ning mbuh karo sapa."
"Mboten, Pak. Kala wau lajeng mandhap malih," jawabe Marni. "Cah kae mau sapa? "Kirno umbal pitakon. "Mboten mangertos, nggih lare nem mriku. Pun nek ngaten kula tak wangsul mawon."
"Lha ngana rak luwih cetha," celatune Kirno.HP enggal katutup. Kirno lan Kiman lega njur mesem semu isin duwe panyakrabawa ala marang calon bojo apa dene mantune.
Jam 18.00 wis kliwat, Marni durung katon. Jam 18.30 wis kepungkur, Marni durung bali.
Nganti jam 19.30 Marni uga ora ana kabare. Ndilalah wektu kuwi pas ora ana signal (sinyal).
Kamangka Pak Naib diaturi tindak jam 20.00 terus langsung ijab. Pikirane Kirno lan Kiman tekan ngendi-endi, durung meneh ana kabar yen Marni kuwi nate mblenjani rabi ing desa liya kaya kedadeyan iki. Malah wis kaping pindho. Kiman ora sranta, dheweke arep nusul Marni dhewe kang ngerti omahe Sari ya mung dheweke. Nadyan dipenggak dening para sesepuh lan juru rias, Kiman pangah tetep nekad. Durung nganti Kiman mungkur, saka kadohan ana mobil mlebu pekarangan. Lawang mobil mbukak sithik, kasusul ana pawongan wadon kadandanan kaya putri Ratu Arab nganggo cadhar mudhun saka mobil iku. Nadyan praupane katutupan cadhar tipis, nanging sapa wae mesti ora maido yen calon wadon pancen ayu tumpuk undhung. 
Wong-wong kang padha nunggu rumangsa lega, utamane Kirno lan Kiman kang ora sranta mburu calon bojone enggal kasemaptakake ing kursi manten, nunggu Pak Naib.
Nanging, calon temanten putri malah nggeret Kiman mlebu pendhapa jujug kamar. Mbuh apa kang ditindakake. Ora suwe, Kiman kang krenggosan metu saka kamar jumujug marang bapake njur kaglandhang warasan.  Kedadeyan sateruse, Kirno ndhredheg nggegem HP mlebu kamare. Njur ngundang Kimpul. Sabanjure Kimpul metu saka kamare Kirno sajak kesusu, terus mancal sepedha motor nggeblas ing petenge wengi iku tanpa ana kang ngerti bakal menyang ngendi. Sawise rada sawetara Kirno metu maneh lan wis katon sareh, dheweke ngabarake yen dina iki durung bisa ngleksanaake ijab kabul, amarga Pak Naib nampa dhawuh dadakan saka Pak Bupati. Ing njero kamar, Kiman lemes bebasan tanpa balung. Jebul kang dandan manten mau dudu Marni, nanging Sari. Kenya kang duwe dedeg lan pakulitan kaya calone iku mratelakake yen dina iki mau Marni lunga karo wong lanang liya sawise mampir menyang nggone dheweke. Sawise Kiman neliti kahanan wadhah dhuwit, jebul saliyane nggawa motor, HP cacah loro, Marni uga nggawa dhuwit puluhan yuta. Ceritane Sari, kasurung saka rasa welas yen keluwarga Kirno nampa wirang, mula dheweke enggal menyang Salon Putri saperlu dandan kayakang wis diceritakke Marni, ngupaya piye carane nutup wirang.
Kirno banget anggone ngalembana Sari, dene duwe pikiran luhur. Mula dheweke nawani supaya Sari gelem ngganteni Marni. Eman, Sari ora gelem yen tenanan. Esuk umun-umun, Sari metu saka omah kang nembe wae nandhang wurung mantu iku, jumujug marang sawenehing papan kang ing kana wis nunggu sawijining pawongan, Marni lan pasangane. Sari lunga nggawa pesangon saka Kirno minangka tandha matur nuwun senajan nganggo nyang-nyangan rega. Ki Sumardi tetep ndhalang kanthi lakon Alap-alapan Dewi Sembadra. 

                                                                                    Dening:Eko Wahyono
                                                                                    Kapethik saking : Jagad Jawa – Solopos

No comments:

Post a Comment