Si
Cebol Bisa Nggayuh Lintang
Dhek jaman biyen ing desa
Dhadhapan ana sawijining kulawarga kang anggone omah-omah kurang harmonis
jenenge Limaran lan Pak Bejo. Limaran dijodhokake karo Pak Bejo pawongan sing
pawakane cebol. Si Cebol dipek mantu amarga wonge sregep makarya, bisa nulungi
bot repote wong tuwane Limaran, mula Limaran ya kudu manut masiya atine
mangkel. Gandheng wong tuwane sing akon ya ora bisa nolak.
Wong-wong sadesane padha nyeluk
Pak Cebol. Sing diceluk ya ora apa-apa, nanging beda karo bojone atine tansah
kelara-lara. Saben dina tansah dadi gunemane wong ing desane amarga bojone
cebol, mendahnia mengko yen duwe anak mangkono jarene.
“Ooo alah urip pisan wae kok ora
nyenengake, kabeh padha nggunem keluargaku.”
Sawijining
dina Limaran ora kuwat ngampet omongane tanggane sadesa, ing atine wis
ditumpangi pikirane setan. Kanggo ngurangi rasa isin dheweke nduweni niyat arep
ngusir lan nyirnakake bojone kanthi cara kang alus yaiku supaya bojone golek
pagaweyan ing kutha, amarga ing desane lagi paceklik sawah lan pategalan ora
bias ditanduri.
Krentege mau diomongake menyang bojone lan bojone uga sarujuk yen
dheweke kudu golek pagaweyan ing kutha. P. Bejo alias Cebol banjur nyepakake
sandhangan sing arep digawa menyang kutha, dene Limaran nyiapake sangu lan
sarapan kanggo bojone. Ing jero atine wis diniyati manawa sangune arep diwenehi racun, kanthi tujuan
mengko ing tengah dalan yen keluwen mesthi dipangan lan ora let suwe bakal
mati.
Nalika pamitan Pak Bejo alias Cebol atine ngondhok-ondhok, amarga kudu
ninggal bojone kanthi wektu kang ora winates. Dene Limaran ethok-ethok
kemembeng mripate amarga gegambaran bojone ora bakal bali lan mati ana tengah
dalan.
Sawise mlaku adoh lan ora
leren-leren Pak Bejo mandheg lan ngaso ing pinggir kalen kang
banyune bening. Pak Bejo alias Cebol mau banjur reresik awake lan ngombe banyu
kali nganti ora krasa luwe maneh. Sangu sing digawani bojone durung kober
dipangan. Sawise leren sedhela pak Bejo banjur nerusake lakune karo manggul
sangune. Karo mlaku kledhang-kledhang Pak Bejo krungu swara rame-rame pating gedebug ora karuwan.
Dheweke kepengin ngerti sakjane ana apa.
Bareng tekan cedhak Pak Bejo lagi ngerti manawa ana kewan gedhe kang ngamuk,
para prajurit kraton padha kuwalahan anggone arep nelukake gajah kang ngamuk
iku. Wong-wong sing ana sacedhake akeh sing kepidak, omah-omah ambruk lan ora
sithik wong-wong kang padha mlayu sipat kuping kalebu Pak Bejo kang niba tangi.
Pak Cebol wis ora bisa suwala, nanging tetep usaha mlayu golek slamet. Weruh Pak Cebol mlayu kanthi
arah walikane, gajahe banjur ganti nguber Cebol lan Pak bejo nganti
keglundhung, weruh kaya mangkono iku wong-wong padha ngguyu lan malah dadi
tontonan. Sangu sega, ngombe lan buntelan sing digawa saka ngomah wudhar lan
korat karit. Gajahe terus nguber Pak cebol nanging playune wis ora pati banter.
Pak Cebol dhewe ya wis kesel dadi ora bisa mlayu banter maneh. Ora dikira gajah
mau sawise cedhak karo pak Cebol banjur nglumpruk mati. Pak Cebol dhewe ya ora
weruh.
Pak Cebol dhewe sanalika tuwuh kekendelane wani munggah ing dhuwure lan
kanthi sora dheweke mbengok nuduhake dhadhane, “E….. para sedulur aja
nyepelekake aku, masiya Cebol, aku bisa ngalahake kewan sing samene gedhene iki
lho!”
Wong-wong sing maune ndhelik padha metu lan gumun ndeleng Pak Cebol banjur
marani lan njunjung Pak Cebol. Amarga anane Pak Cebol mau reridune kutha dadi
aman.Mulane Pak Cebol disowanake menyang kraton lan entuk bebungah yaiku dadi
abdi kinasihe raja.
Pak Cebol kang bisa ngalahake gajah iku keprungu sak desane, mula kanthi
rasa kaget lan seneng Limaran banjur nyusul menyang kraton saperlu njaluk
pangapura marang bojone sing arep diracun. Gancaring carita Pak Cebol wis bisa
ngapura bojone sing wis ngakoni kesalahane lan Pak Bejo urip ing kraton kanthi
ayem lan tentrem. Mulane senajan Cebol ngene iki bisa nggayuh lintang
lho…!
Panyebar Semangat no 32/ 9 Agustus 2008
No comments:
Post a Comment