Showing posts with label Sastra Jawa. Show all posts
Showing posts with label Sastra Jawa. Show all posts

Sunday, May 18, 2014

Cerkak



Si Cebol Bisa Nggayuh Lintang
     Dhek jaman biyen ing desa Dhadhapan ana sawijining kulawarga kang anggone omah-omah kurang harmonis jenenge Limaran lan Pak Bejo. Limaran dijodhokake karo Pak Bejo pawongan sing pawakane cebol. Si Cebol dipek mantu amarga wonge sregep makarya, bisa nulungi bot repote wong tuwane Limaran, mula Limaran ya kudu manut masiya atine mangkel. Gandheng wong tuwane sing akon ya ora bisa nolak.
     Wong-wong sadesane padha nyeluk Pak Cebol. Sing diceluk ya ora apa-apa, nanging beda karo bojone atine tansah kelara-lara. Saben dina tansah dadi gunemane wong ing desane amarga bojone cebol, mendahnia mengko yen duwe anak mangkono jarene.
     “Ooo alah urip pisan wae kok ora nyenengake, kabeh padha nggunem keluargaku.”
     Sawijining dina Limaran ora kuwat ngampet omongane tanggane sadesa, ing atine wis ditumpangi pikirane setan. Kanggo ngurangi rasa isin dheweke nduweni niyat arep ngusir lan nyirnakake bojone kanthi cara kang alus yaiku supaya bojone golek pagaweyan ing kutha, amarga ing desane lagi paceklik sawah lan pategalan ora bias ditanduri.
     Krentege mau diomongake menyang bojone lan bojone uga sarujuk yen dheweke kudu golek pagaweyan ing kutha. P. Bejo alias Cebol banjur nyepakake sandhangan sing arep digawa menyang kutha, dene Limaran nyiapake sangu lan sarapan kanggo bojone. Ing jero atine wis diniyati manawa  sangune arep diwenehi racun, kanthi tujuan mengko ing tengah dalan yen keluwen mesthi dipangan lan ora let suwe bakal mati. 


Nalika pamitan Pak Bejo alias Cebol atine ngondhok-ondhok, amarga kudu ninggal bojone kanthi wektu kang ora winates. Dene Limaran ethok-ethok kemembeng mripate amarga gegambaran bojone ora bakal bali lan mati ana tengah dalan.
     Sawise mlaku adoh lan ora leren-leren  Pak Bejo  mandheg lan ngaso ing pinggir kalen kang banyune bening. Pak Bejo alias Cebol mau banjur reresik awake lan ngombe banyu kali nganti ora krasa luwe maneh. Sangu sing digawani bojone durung kober dipangan. Sawise leren sedhela pak Bejo banjur nerusake lakune karo manggul sangune. Karo mlaku kledhang-kledhang Pak Bejo krungu  swara rame-rame pating gedebug ora karuwan. Dheweke kepengin ngerti  sakjane ana apa. Bareng tekan cedhak Pak Bejo lagi ngerti manawa ana kewan gedhe kang ngamuk, para prajurit kraton padha kuwalahan anggone arep nelukake gajah kang ngamuk iku. Wong-wong sing ana sacedhake akeh sing kepidak, omah-omah ambruk lan ora sithik wong-wong kang padha mlayu sipat kuping kalebu Pak Bejo kang niba tangi. Pak Cebol wis ora bisa suwala, nanging tetep usaha mlayu  golek slamet. Weruh Pak Cebol mlayu kanthi arah walikane, gajahe banjur ganti nguber Cebol lan Pak bejo nganti keglundhung, weruh kaya mangkono iku wong-wong padha ngguyu lan malah dadi tontonan. Sangu sega, ngombe lan buntelan sing digawa saka ngomah wudhar lan korat karit. Gajahe terus nguber Pak cebol nanging playune wis ora pati banter. Pak Cebol dhewe ya wis kesel dadi ora bisa mlayu banter maneh. Ora dikira gajah mau sawise cedhak karo pak Cebol banjur nglumpruk mati. Pak Cebol dhewe ya ora weruh.
    Pak Cebol dhewe sanalika tuwuh kekendelane wani munggah ing dhuwure lan kanthi sora dheweke mbengok nuduhake dhadhane, “E….. para sedulur aja nyepelekake aku, masiya Cebol, aku bisa ngalahake kewan sing samene gedhene iki lho!”
Wong-wong sing maune ndhelik padha metu lan gumun ndeleng Pak Cebol banjur marani lan njunjung Pak Cebol. Amarga anane Pak Cebol mau reridune kutha dadi aman.Mulane Pak Cebol disowanake menyang kraton lan entuk bebungah yaiku dadi abdi kinasihe raja.
     Pak Cebol kang bisa ngalahake  gajah iku keprungu sak desane, mula kanthi rasa kaget lan seneng Limaran banjur nyusul menyang kraton saperlu njaluk pangapura marang bojone sing arep diracun. Gancaring carita Pak Cebol wis bisa ngapura bojone sing wis ngakoni kesalahane lan Pak Bejo urip ing kraton kanthi ayem lan tentrem. Mulane senajan Cebol ngene iki bisa nggayuh lintang lho…!
  
                                                                 Panyebar Semangat no 32/ 9 Agustus 2008
 

Saturday, May 3, 2014

Cerkak



WIRANG
Rerantaman adicara kang bakal kaleksanaake ing tempuking gawe wus katata dharik.
Sawenehing ubarampe ora ana kang keliwatan. Samubarang kang bakal ngregengake wasana uga tan ana kang kecicir. Panggung lan gedebog pisang kanggo wayangan katon gagah ing sangarepe pendhapa omah kang nyata gedhe. Ora maido pancen Kirno iku wong sugih mblegedhu ing desa kana. Kajate Kirno mung siji yaiku bakal mantu gedhen-gedhen, ngiras-ngirus nuduhake marang wong-wong desa kana yen anake, Kiman, ya payu rabi. Umume pancen kang duwe gawekang wedok, nanging iki sisan ngundhuh. Kekarepan iku kajurung amarga saka suwarane wong-wong desa kang nate ora ngenakake atine Kirno nge-nani Kiman, yaiku Kiman ora payu rabi, diemohi wong wedok amarga wedi yen didadekake bekakak pesugihane Kirno. Mula pantes yen Kirno kepingin gawe wirang wong sadesa.
Marni, calon sisihane Kiman wis ana setengah wulan melu Kirno. Mbuh karepe Kirno utawa Kiman piye,kang mesti wong-wong sadesa dadi ngerti lan kenal bocah wadon calon mantune Kirno kuwi. Bocahe pancen ayu tenan, Marni sawijining kenya kang ora angkuh.
Tempuking gawe kari dina sesuk, mengko bengi upacara ijab kabul sisan midodareni.
Kabeh wis siap, panjer kanggo uba rampe ora nguciwani. Organ tunggal uga katata pisan kanggo nyugata ing malem midodareni. Ki Sumardi ora gelem keri. Dhalang kondhang kang bakal ngudhar cerita Alap-alapan Dewi Sembadra wis njejer wayang. Wis pokoke swasana pancen ngluwihi pasar malem. Kirno lungguh ing sangisore wit ringin sepasang kang ngrembuyung minangka dadi gapura.Kadadak Kiman nyedhaki nuli matur rada sora amarga kebrebegan suwara saka salon kang gemranggang.
"Pak, ngertos Marni?" pitakone Kiman. "Mau pamit arep tuku pulsa," jawabe Kirno. "Kok cepet men entek.." "Jarene mau ya isih, mung kanggo persiapan sesuk yen ngontak keluwargane." "Marni leres, Pak. Lah yen besan ngantos telat rak mboten karuwan. Kewirangan tenan awake dhewe."
"Ora! Sapa kang arep mirang-mirangake? Ora bakal wani, wong tangga-tanggakang serik aten kae wis kewirangan marga aku sida ewuh." Durung tutug angone rerasan, Kimpul nyela arep nyilih sepedha motor kanggo photokopi.
"Photokopi mengko sore wae, iki pite lagi digawa Marni," wangsulane Kirno.
"Wah ngertiya bareng.Kalih sinten wau, Pak?"
"Mbuh, ketone ya karo cah nom-noman kene..." Kimpul enggal niggalake Kirno lan Kiman, ora sawetara suwe Kirno uga ninggalake papan kana, dene Kiman isih keri, nunggu Marni karo nyawang kahanan njaba. 
Nalika rada sawetara kang dienteni ora njedul, Kiman nedya enggal ngebel utawa SMS marang Marni. Ngabarake ana apa tuku pulsa kok suwe temen. Sawise teka kamar, Kiman bebeg bingung nggoleki HP-ne, ning njur mikir mbok menawa diisekne sisan dening Marni, wong Marni senenge ngisi electric. "Jane arepa ngisi elektrik, rasah nggawa HP ya isa...? Ah, Mbuh!" Kiman gemreneng dhewe. Dheweke njur nggoleki bapake saperlu nyuwun ngampil HP. Kirno rada clingukan nggoleki HP nalika Kiman nembung ngampil. Kudune ora kelalen wong anggone nyelehake HP-ne wis mesthi. Ora nate pindhah, yen ora neng ndhuwur lemari dhipan, ya nang njerone.
 "Adhuh, Man. Aja-aja Marni tumindak culika.." celathune Kirno. "Ampun nambahi dheg-dhegan, Pak. Kula nggih kraos kirang sekeca."
"Katone ya ora ta, Man. Watake Marni saben dinane ya becik ngana," ngendikane Kirno kapunggel tekane Kimpul kang banjur matur, "Niki HP-ne, Pak."
"Oalah Pul...Pul! Yen nggawa HP ki mbok ya ngomong! Gawa rene...gawa rene!"
"Lho, njenengan niku dos pundi?Wau ngendikane titip.Ajrih menawi dhawah amargi njenengan badhe minggah andha. "Oh, iya.Wis gek ndang dibel si Marni," jawabe Kirno njur ora nggagas Kimpul. Kiman gage mencet tuts nuju marang HP-ne Marni. Ora suwe HP diudhunake saka kupinge. "Piye Man? " pitakone Kirno. "Sing nampi Mbak Veronika, Pak," wangsulane Kiman guyon, kamangka atine saya dheg-dhegan. Dheweke banjur nyoba mencet nomer HPne dhewe, mbok menawa bener digawa Marni. Kiman rada lega amarga ana nadha panggil. Bener, saka liya pangonaan ana jawabane Marni. Suwara metu enggal digedhekke karepe ben bapake uga mireng apa kang diomongke.
"Nang ndi, ta Dhik. Tuku pulsa apa tuku suwe?" ujare Kiman. "Aku mampir gone Sari. Lha ya kanca kenthel kok, Mas..." wangsulane Marni. "Iki wis meh Maghrib, kowe kudu dandan barang."
"Iki mengko mampir salon sisan."
"Rak wis tak sewakne juru rias, ta?"
"Gak marem, Mas. Aku pilih didandani Mbak Putri wae. Aku pilih nganggo cadhar gaya manten Timur Tengah. Saiki kan lagi modhel, Mas."
"Ya wis karepmu. Iki kowe lunga karo sapa?"
"Dhewe."
"Ngendikane Bapak, mau boncengan karo cah nom kene."
"Rasah cemburu Mas. Kae mau mung tak kon nyelah. Lha starter pijete mati ngana, kok."
"Nggih ta Pak?" pitakone Kiman marang bapake kang lagi nggatekake kabeh obrolane Kiman lan Marni. "Sangertiku, mau boncengan. Ning mbuh karo sapa."
"Mboten, Pak. Kala wau lajeng mandhap malih," jawabe Marni. "Cah kae mau sapa? "Kirno umbal pitakon. "Mboten mangertos, nggih lare nem mriku. Pun nek ngaten kula tak wangsul mawon."
"Lha ngana rak luwih cetha," celatune Kirno.HP enggal katutup. Kirno lan Kiman lega njur mesem semu isin duwe panyakrabawa ala marang calon bojo apa dene mantune.
Jam 18.00 wis kliwat, Marni durung katon. Jam 18.30 wis kepungkur, Marni durung bali.
Nganti jam 19.30 Marni uga ora ana kabare. Ndilalah wektu kuwi pas ora ana signal (sinyal).
Kamangka Pak Naib diaturi tindak jam 20.00 terus langsung ijab. Pikirane Kirno lan Kiman tekan ngendi-endi, durung meneh ana kabar yen Marni kuwi nate mblenjani rabi ing desa liya kaya kedadeyan iki. Malah wis kaping pindho. Kiman ora sranta, dheweke arep nusul Marni dhewe kang ngerti omahe Sari ya mung dheweke. Nadyan dipenggak dening para sesepuh lan juru rias, Kiman pangah tetep nekad. Durung nganti Kiman mungkur, saka kadohan ana mobil mlebu pekarangan. Lawang mobil mbukak sithik, kasusul ana pawongan wadon kadandanan kaya putri Ratu Arab nganggo cadhar mudhun saka mobil iku. Nadyan praupane katutupan cadhar tipis, nanging sapa wae mesti ora maido yen calon wadon pancen ayu tumpuk undhung. 
Wong-wong kang padha nunggu rumangsa lega, utamane Kirno lan Kiman kang ora sranta mburu calon bojone enggal kasemaptakake ing kursi manten, nunggu Pak Naib.
Nanging, calon temanten putri malah nggeret Kiman mlebu pendhapa jujug kamar. Mbuh apa kang ditindakake. Ora suwe, Kiman kang krenggosan metu saka kamar jumujug marang bapake njur kaglandhang warasan.  Kedadeyan sateruse, Kirno ndhredheg nggegem HP mlebu kamare. Njur ngundang Kimpul. Sabanjure Kimpul metu saka kamare Kirno sajak kesusu, terus mancal sepedha motor nggeblas ing petenge wengi iku tanpa ana kang ngerti bakal menyang ngendi. Sawise rada sawetara Kirno metu maneh lan wis katon sareh, dheweke ngabarake yen dina iki durung bisa ngleksanaake ijab kabul, amarga Pak Naib nampa dhawuh dadakan saka Pak Bupati. Ing njero kamar, Kiman lemes bebasan tanpa balung. Jebul kang dandan manten mau dudu Marni, nanging Sari. Kenya kang duwe dedeg lan pakulitan kaya calone iku mratelakake yen dina iki mau Marni lunga karo wong lanang liya sawise mampir menyang nggone dheweke. Sawise Kiman neliti kahanan wadhah dhuwit, jebul saliyane nggawa motor, HP cacah loro, Marni uga nggawa dhuwit puluhan yuta. Ceritane Sari, kasurung saka rasa welas yen keluwarga Kirno nampa wirang, mula dheweke enggal menyang Salon Putri saperlu dandan kayakang wis diceritakke Marni, ngupaya piye carane nutup wirang.
Kirno banget anggone ngalembana Sari, dene duwe pikiran luhur. Mula dheweke nawani supaya Sari gelem ngganteni Marni. Eman, Sari ora gelem yen tenanan. Esuk umun-umun, Sari metu saka omah kang nembe wae nandhang wurung mantu iku, jumujug marang sawenehing papan kang ing kana wis nunggu sawijining pawongan, Marni lan pasangane. Sari lunga nggawa pesangon saka Kirno minangka tandha matur nuwun senajan nganggo nyang-nyangan rega. Ki Sumardi tetep ndhalang kanthi lakon Alap-alapan Dewi Sembadra. 

                                                                                    Dening:Eko Wahyono
                                                                                    Kapethik saking : Jagad Jawa – Solopos

Friday, May 2, 2014

Cerkak


WIT TREMBESI LAN PARI
Ing pinggir sawah ana wit trembesi utawa wit munggur, godhonge ngrempayak ketel. Dadi panggonan ing ngisore kono eyub lan adhem. Wong liwat akehsing leren ing ngisor munggur kono.
Ing sandhinge ana wit pari saeler, kliwatan ora dipaneni parine.
Munggur celathu : “He pari, genea kowe kok isih ana kono, njegil ijen ora ana rewange. Delengen kae, sedulur-sedulurmu wis padha dipaneni, mung kari tunggake baesing isih ana ing sawah. Aku ngerti, manungsa olehe ora ngundhuh wohmu, marga kowe kuru nyekingkring kaya wong murus. Wulenmu ya cilik bae ora mbejaji.Pancen kowe diliwati, disirik ing manungsa. Cekake titahsing kaya kowe kuwi pancen titahsing apes. Yen dipurih wohe ora misra, dipurih eyube ora ngeyubi.Godhongmu pating sluwir ngono kuwi kenane mung singgo ngeyub walang.
Delengen awakku. Lemu dilepeh, godhongku ngrembuleng bisa ngeyubi wong lelungan. Patute aku iki kena sinebut rajaning wit-witan.Ngendi ana witsing godhonge ketel kaya godhongku?”
Durung tutug olehe guneman , ana angin gedhe, mendhung ireng nglumpuk pener ing
dhuwure munggur mau. Bres, udan deres kaya disokake.Godhong trembesi nadhahi banyu udan mau, krasa abot banget. Abote mono  ora sepiraa yen sadurunge ora ana angin. Bareng angine ya gedhe, dadi trembesi kaya dijorogake , reketeg, reketeg, breg, njreganggang ing sawah. Oyode dhungkar, rantas, ora kuwat cekelan ing jero lemah.
Si pari tetep ngadeg ing kono.Keterak ing angin mung mentelung bae.Sireping angin iya banjur jejeg maneh.

Liya dinasing duwe sawah ngasag parine , isih ana sawetarasing kliwatan. Bareng lakune tekan ing pari sandhinge trembesi mau, weruh yen landhung, mentes , kuwi didhewekake arep singgo bibit.
Pari kuwi tembene bisa dadi wit parising seger thukule. Wohe mentes, wulene dawa-dawa, ora beda karo bibite. Dadising mau diwada nyekingkring, bisa nurunake tanduransing ledhung –ledhung lan akeh asile. Turun-temurun nganti pirang-pirang turunan tanpa wates. Si trembesising njrebabah mau pange dipeceli pak tani, dianggo kayu obong, ora ana tabete lan leleabuhane sing katon. Mung dhelege digraji digawe blabag, nanging anggone ora suwe, wekasan iya dadi kayu obong.
Wosing dongeng yen manungsa kasinungan panguwasa, ngelmu, bandha donya, lan rumangsa bener, aja pisan-pisan nduweni watak kumawasa, sapa sira sapa ingsun, sawiyah-wiyah marang sapepadhane urip. Miturut pangandikane para sepuh “AJA DUMEH”.
Crita dipethik saka : “Mardi lan Marjam”, M. Mardjana lan M. Samoed Sastrowardojo, J.B. Wolters, Djakarta, Groningen, 1952

Monday, April 28, 2014

Geguritan

GEGURITAN saking tembung
Geguritan       
   gurita          gerita        gita 
Paugeran nyerat geguritan ?
-Milih Tema
             Prekawis ingkang dipunudhari sajroning nyerat geguritan. Tema sosial, politik, adat, hukum.
-Pamilihing irah-irahan
             Irah-irahan ingkang saged narik kawigatosanipun pamaos.
-Pamilihing imajinasi
             Pangangennipun manungsa nggambaraken prekawis.
Tuladha: 
              (1)
                     DONGANE IBU
  Guritmu nyuwek sepi wengi karang pradesan
  Dadi kanca bence kang dadi tetembungan
  Kidungmu dadi japa mantra
  Nginthil laku jantraning durjana
  Ibu...
  Tembang-tembang dolananmu
  Dadi cagag awak uripku
  Jumangkah wani, mecaki donya klawu
Ibu...
Dongamu sing ngengidung
Muga-muga sing mawa tetembungan
Dadi pengaji-aji
Munthes satruning dhiri

  Dewi Siswanti Maharani ( SMP N 2 Sleman )

(2)
Simbok

Simbok...
Ngelingi lelabuhanku marang aku
Anggonmu ngandung aku, ngopeni aku
Nganti aku gedhe sakmene
Sliramu tansah mbimbing aku

Simbok...
Aku njaluk pangapura
Mbokmenawa anakmu iki nglarani atimu

(Prasma Wemfi, 8a MTsN Purwantoro)

(3)
Guru 
Guru...
Kasabaranmu guruku...
Kasabaran anggonmu nggladhi anak-anakmu
Kasabaran anggonmu ngadhepi murid-muridmu sing nakal
Guru...
Paringana pangapura marang anak-anakmu sing gawe anyele atimu
Guru...
murid-muridmu nyuwun pandongane, supaya bisa sukses ing tembe mburi

(Aulia Arsyadani, 8a MTsN Purwantoro)