Friday, May 2, 2014

Panyandra Temanten

PANYANDRA 

Panyandra saka tembung jawa tengahan ‘candra’ sing duweni teges asli yaiku rembulan utawa bulan. Dene panyandra bisa kawastanan tetembungan sing karakit, rinonce kanthi endahing susastra, kanggo nggambarake sawijining kahanan utawa bab ngemu surasa pepindhan. 

      Padhang hanarang, sumilak piyak katon hangilak-ngilak marga agung sing tumuju dhumateng sasana rinengga.Ana sesotya coplok saking ngembanan, lumampah mabukuh yayah prayitneng kewuh, ngregemeng kaya lintang Bimaskti hanyawak tutuking naga.Lah punika ta warnanira sing ndaweg hanawung kridha, angayahi gati kinarya Suba Manggala Suba. Mangkana wus kekalung puspita rinonce, mila sigra maged esthining driya, lenging cipta arsa mboyong sang pindha narendra tedhak mring panti busana. Sinten ta asmane priya jatmika sing kepareng nyangkul jejibahan agung menika, sayekti tan sanes panjenenganipun adhimas Wisnu Wardana Dhasar pideksa sarwa sambada, taksih mudha tumaruna wimbuh hambeg susila hanoraga, tandang tanduka prasaja tur ngresepake, grapyak semanak marang sapa wae, prasaja busanane, prasaja uripe, luhur bebudene.Katilik saking solah bawa, ebahing sarira liringing netra, ukeling asta tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna bilih Sang Suba Manggala satuhu lebda ing budaya. Tindakira kadherekaken satriya sakembaran, kembar dedege, kembar baguse, kembar busanane lamun cinandra pindha jambe sinigar, inggih punika ta warnanira Talang Pati, Manggalayuda ya Pratiwa anggalasuba. Sumambung ing wuri, barbisane para kenya Srikandhining praja Nuswantara, ingkang wonten ing Surakarta. Busana sarwa edi, solah bawane merak ati, eseme ndudut ati, kedhiping netra ngrujit ati.Lumampah jejer kalih-kalih salajur sisih, gendhes luwes wiragane, susila patrape, hangujiwat eseme, pindha ngawe-awe para sing ana sandhinge. Laju lampahe Risang Manggala Suba, sumangke sampun prapta unggyaning sing tinuju, mila lajeng suka sasmita mring sekaring pawiwahan, gya jengkar saking palenggahan, mentar saking pasamuan manjing pepengkeran.

No comments:

Post a Comment