Sunday, May 18, 2014

Sengkalan



I.         Sengkalan
Tembung “sengkalan” asale saka tembung “saka” lan “kala” Saka utawa çaka iku jenenge bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalane ana ratu golongan çaka kang jumeneng ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitan\e tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masehi. Mungguh kang dikarepake “sengkalan”, yaiku unen unen kang nduweni teges angkaning taun.Jaman biyen kang kanggo petungan ing Tanah Jawa taun Saka. Nanging saiki ana kang migunakake taun rembulan, yaiku kang petungan sasine manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengenge, diarani: “Suryasengkala” Adhedhasar wujud lan dhapukane, sengkalan ana warna loro;
1. Sengkalan lamba, yaiku sengkalan kang awujud kumpulaning tembung utawa wujud ukara.
2. Sengkalan memet, yaiku sengkalan kang awujud gegambaran utawa pepethan.

Mungguh carane nyurasa utawa maca sengkalan iku kawiwitan saka ekane, banjur dasan, yen ana atusan lan ewone. Tuladha : Rupa sirna retuning bumi.
Rupa    = 1 (ekan)
sirna     = 0 (dasan)
retu      = 6 (atusan)
bumi    =  1 (ewon)     dadi taun : 1601 Saka menawa tahun Masehi kudu ditambah 78 dadi 1679M

Mungguh carane nggoleki aji utawa wataking tembung miturut Candra Sangkala karangane Ki Bratakesawa, kena migunakake wewaton sawetara, yaiku:
1. Guru Dasa nama, Tembung tembung kang padha tegese dianggep padha ajine.
     Kayata : ratu, narendra, nata, katong, pamase, aji, iki kabeh watak siji.
2. Guru susastra, Tembung tembung kang susastrane utawa panulise padha, ajining uga padha.
     Kayata : êsthi, kang ateges gajah, esthi kang ateges sedya utawa pikir ajine padha yaiku: wolu.
3. Guru wanda, Tembung tembung nduweni wanda kang padha, ajine dianggep padha.
     Kayata : wanita, ajine padha karo tembung wani, tembung buja ajine padha karo tembung bujana.
4. Guru warga, Tembung tembung kang mratelakake jeneng kang nunggal bangsa utawa warga, ajine padha. Kayata : ula, baya, bulus, tekek, cecak, kadhal iku kabeh kalebu kewan ingkang rumangkang, dadi padha ajine, yaiku: wolu.
5. Guru karya, Tanduking sawijining tembung, kaanggep padha ajine karo tembung iku.
     Kayata : tangan ajine padha karo nyekel, mripat padha ajine karo tembung ndeleng utama mandeng.
6. Guru sarana, Jenenge piranti kang kanggo nindakake sawijining kriyane, kaanggep padha ajine karo tembung iku.    Kayata : ilat karo rasa, padha ajine yaiku nenem.
7. Guru darwa, Tembung kaanan, kaanggep padha ajine karo tembung kang kadunungan kaanan iku.Kayata : tembung galak padha ajine karo tembung danawa, benter padha karo latu, lsp.
8. Guru Jarwa, Tembung tembung kang jarwane padha utawa meh padha ajine uga padha.
     Tembung rasa padha karo raras, basu padha karo sawer, lsp.

II. Tembung tembung kang dianggep nduweni watak utawa ajining wilangan :
a. Kang awatak siji.
1. Tembung tembung kang cacahe mung siji: nabi, wudel, bumi, buntut, iku, sirah, ratu, aji, nata, wiji, ati, tyas, badan, lsp.
2. Tembung tembung araning barang kang wangune bunder, rembulan, bumi, jagad, rupa, srengenge, rai, lek, candra, wulan, lsp.
3. Tembung tembung kang ateges siji: tunggal, eka, iji, juga, lsp

b. Kang awatak  loro:
1. Tembung tembung kang cacahe loro: mripat, kuping, tangan, asta, suku, dresthi, buja, athi athi, swiwi, lsp.
2. Tembung tembung kang nuduhake kriyane tembung ing ndhuwur: ndeleng, ngrungu, ndulu, nembah, lsp.
3. Tembung tembung kang teges loro: dwi, kalih, lsp.
4. Tembung tembung liyane: gandheng, kanthi, kanthet, lsp.

c. Kang awatak telu:
1. Kang nduweni sesipatan telu: geni, bahni, pawaka, siking, dahana, anala, utawaka, puji, lsp.
2. Tembung tembung kang kanggo wanda tri utawa teges telu: mantri, tiga, hantelu, lsp.



d. Kang awatak papat:
1. Bangsane banyu utawa kang ngemu banyu: her, sindang, suci, tirta, wedang, bun, udan, sagara, waudadi, jalanidhi, bening, nadi, sumber, sumur, wasuh, lsp.
2. Tembung kang ateges papat, catur, pat, lsp.

e. Kang awatak lima:
1. Araning barang kang cacah lima: indri, indriya, dhawa, lsp.
2. Bangsane buta: danawa, jaksa, diyu, wil, raseksa, lsp.
3. Bangsane gegaman: panah, warajang, bana, sara, lsp.
4. Bangsane angin: bayu, samirana, maruta, anila, sindung, lsp.
f. Kang awatak enem:
1. Tembung kang mratelakake rasa: pedhes, amla, kecut, tikta, pait, kyasa, gurih, dura, lsp
2. Tembung kang nduweni gegayutan sipat tembung ing ndhuwur : gendhis, gula, uyah, lsp.
3. Tembung jeneng kewan kang asikil enem: tawon, bramara, kombang, anggang anggang, semut, lsp
g. Kang awatak pitu:
1. Bangsane kang amaratapa: wiku, biksu, resi, dwija, dhita, yogiswara, muni, suyati.
2. Dasanamane jaran: kuda, wajik, aswa, turangga, lsp.
h. Kang awatak wolu:
1. Tembung tembung kang kagolong kewan rumangkang: baya, bajul, slira, menyawak, tanu, bunglon, murti, basu, tekek, cecak, ula, naga, bujangga, taksaka, lsp.
2. Dasa namaning gajah: dwipangga, liman, esthi, dirada, matengga, kunjara, lsp.
i. Kang awatak sanga:
1. Barang barang kang wujude bolong: gapura, guwa, dwara, wiwara, gatra, wilasita, rong, trusta, trusthi, song, babahan, lsp.
2. Tembung tembung liyane: ganda muka, butul, dewa, ambuka, wangi, lsp.
j. Kang awatak sepuluh utawa nol:
Yaiku tembung tembung kang ngemu teges ora ana utawa suwung: sunya, boma, gegana, wijat, nir, tanpa, ilang, mletik, sirna, musna, adoh, antariksa, rusak, luhur, dhuwur, muksa, ngumbara, muluk, mumbul, das, awang awang, angles, mentar, oncat, asat, surut, sempal, tumenga, mesat, lsp.
II.   Tuladha Sengkalan
1.    Indu bana dwi rupa                                                       =   taun 1254
2.    Dwara adri pana indu                                                   =   taun 1279
3.    Panerus tingal tataning nabi                                          =   taun 1529
4.    Panca gana salira tunggal                                              =   taun 1865
5.    Dwi naga ngrasa tunggal                                               =   taun 1682
6.    Naga muluk tinitihan janma                                          =   taun 1708
7.    Wolu ilang kebo siji                                                      =   taun 1708
8.    Buta telu ngojag jagad utawa Tri jaksa ngojag buwana      =       taun 1635
9.    Tri sula kembang lata                                                    =   taun 1953
10.    Sirna ilang kertaning bumi                                          =   taun 1400

No comments:

Post a Comment