WIRANG
Rerantaman adicara kang bakal kaleksanaake
ing tempuking gawe wus katata dharik.
Sawenehing ubarampe ora ana kang keliwatan. Samubarang kang bakal ngregengake
wasana uga tan ana kang kecicir. Panggung lan gedebog pisang kanggo wayangan
katon gagah ing sangarepe pendhapa omah kang nyata gedhe. Ora maido pancen
Kirno iku wong sugih mblegedhu ing desa kana. Kajate Kirno mung siji yaiku
bakal mantu gedhen-gedhen, ngiras-ngirus nuduhake marang wong-wong desa kana
yen anake, Kiman, ya payu rabi. Umume pancen kang duwe gawekang wedok, nanging
iki sisan ngundhuh. Kekarepan iku kajurung amarga saka suwarane wong-wong desa
kang nate ora ngenakake atine Kirno nge-nani Kiman, yaiku Kiman ora payu rabi,
diemohi wong wedok amarga wedi yen didadekake bekakak pesugihane
Kirno. Mula pantes yen Kirno kepingin gawe wirang wong sadesa.
Marni, calon sisihane Kiman wis ana setengah
wulan melu Kirno. Mbuh karepe Kirno utawa Kiman piye,kang mesti wong-wong
sadesa dadi ngerti lan kenal bocah wadon calon mantune Kirno kuwi. Bocahe
pancen ayu tenan, Marni sawijining kenya kang ora angkuh.
Tempuking gawe kari dina sesuk, mengko bengi
upacara ijab kabul sisan midodareni.
Kabeh wis siap, panjer kanggo uba rampe ora nguciwani. Organ tunggal uga
katata pisan kanggo nyugata ing malem midodareni. Ki Sumardi ora gelem
keri. Dhalang kondhang kang bakal ngudhar cerita Alap-alapan Dewi Sembadra
wis njejer wayang. Wis pokoke swasana pancen ngluwihi pasar malem. Kirno
lungguh ing sangisore wit ringin sepasang kang ngrembuyung minangka dadi
gapura.Kadadak Kiman nyedhaki nuli matur rada sora amarga kebrebegan suwara
saka salon kang gemranggang.
"Pak, ngertos Marni?" pitakone
Kiman. "Mau pamit arep tuku pulsa," jawabe Kirno. "Kok cepet men
entek.." "Jarene mau ya isih, mung kanggo persiapan sesuk yen ngontak
keluwargane." "Marni leres, Pak. Lah yen besan ngantos telat rak
mboten karuwan. Kewirangan tenan awake dhewe."
"Ora! Sapa kang arep mirang-mirangake? Ora
bakal wani, wong tangga-tanggakang serik aten kae wis kewirangan marga aku sida
ewuh." Durung tutug angone rerasan, Kimpul nyela arep nyilih sepedha motor
kanggo photokopi.
"Photokopi mengko sore wae, iki pite lagi digawa
Marni," wangsulane Kirno.
"Wah ngertiya bareng.Kalih sinten wau, Pak?"
"Mbuh, ketone ya karo cah nom-noman
kene..." Kimpul enggal niggalake Kirno lan Kiman, ora sawetara suwe Kirno
uga ninggalake papan kana, dene Kiman isih keri, nunggu Marni karo nyawang
kahanan njaba.
Nalika rada sawetara kang dienteni ora
njedul, Kiman nedya enggal ngebel utawa SMS marang Marni. Ngabarake ana
apa tuku pulsa kok suwe temen. Sawise teka kamar, Kiman bebeg bingung nggoleki
HP-ne, ning njur mikir mbok menawa diisekne sisan dening Marni, wong Marni
senenge ngisi electric. "Jane arepa ngisi elektrik, rasah nggawa HP
ya isa...? Ah, Mbuh!" Kiman gemreneng dhewe. Dheweke njur
nggoleki bapake saperlu nyuwun ngampil HP. Kirno rada clingukan nggoleki HP
nalika Kiman nembung ngampil. Kudune ora kelalen wong anggone nyelehake HP-ne
wis mesthi. Ora nate pindhah, yen ora neng ndhuwur lemari dhipan, ya nang
njerone.
"Adhuh, Man.
Aja-aja Marni tumindak culika.." celathune Kirno. "Ampun nambahi
dheg-dhegan, Pak. Kula nggih kraos kirang sekeca."
"Katone ya ora ta, Man. Watake Marni saben dinane ya
becik ngana," ngendikane Kirno kapunggel tekane Kimpul kang banjur matur,
"Niki HP-ne, Pak."
"Oalah Pul...Pul! Yen nggawa HP ki mbok ya ngomong!
Gawa rene...gawa rene!"
"Lho, njenengan niku dos pundi?Wau ngendikane
titip.Ajrih menawi dhawah amargi njenengan badhe minggah andha. "Oh,
iya.Wis gek ndang dibel si Marni," jawabe Kirno njur ora nggagas Kimpul.
Kiman gage mencet tuts nuju marang HP-ne Marni. Ora suwe HP diudhunake
saka kupinge. "Piye Man? " pitakone Kirno. "Sing nampi Mbak
Veronika, Pak," wangsulane Kiman guyon, kamangka atine saya dheg-dhegan. Dheweke
banjur nyoba mencet nomer HPne dhewe, mbok menawa bener digawa
Marni. Kiman rada lega amarga ana nadha panggil. Bener, saka liya
pangonaan ana jawabane Marni. Suwara metu enggal digedhekke karepe ben
bapake uga mireng apa kang diomongke.
"Nang ndi, ta Dhik. Tuku pulsa apa tuku suwe?"
ujare Kiman. "Aku mampir gone Sari. Lha ya kanca kenthel kok, Mas..."
wangsulane Marni. "Iki wis meh Maghrib, kowe kudu dandan barang."
"Iki mengko mampir salon sisan."
"Rak wis tak sewakne juru rias, ta?"
"Gak marem, Mas. Aku pilih didandani Mbak Putri wae.
Aku pilih nganggo cadhar gaya manten Timur Tengah. Saiki kan lagi modhel,
Mas."
"Ya wis karepmu. Iki kowe lunga karo sapa?"
"Dhewe."
"Ngendikane Bapak, mau boncengan karo cah nom
kene."
"Rasah cemburu Mas. Kae mau mung tak kon nyelah. Lha
starter pijete mati ngana, kok."
"Nggih ta Pak?" pitakone Kiman marang bapake
kang lagi nggatekake kabeh obrolane Kiman lan Marni. "Sangertiku, mau
boncengan. Ning mbuh karo sapa."
"Mboten, Pak. Kala wau lajeng mandhap malih,"
jawabe Marni. "Cah kae mau sapa? "Kirno umbal pitakon. "Mboten
mangertos, nggih lare nem mriku. Pun nek ngaten kula tak wangsul mawon."
"Lha ngana rak luwih cetha," celatune Kirno.HP
enggal katutup. Kirno lan Kiman lega njur mesem semu isin duwe panyakrabawa ala
marang calon bojo apa dene mantune.
Jam 18.00 wis kliwat, Marni durung katon. Jam 18.30 wis kepungkur, Marni durung
bali.
Nganti jam 19.30 Marni uga ora ana kabare. Ndilalah wektu kuwi pas ora ana
signal (sinyal).
Kamangka Pak Naib diaturi tindak jam 20.00 terus langsung ijab. Pikirane Kirno
lan Kiman tekan ngendi-endi, durung meneh ana kabar yen Marni kuwi nate
mblenjani rabi ing desa liya kaya kedadeyan iki. Malah wis kaping pindho. Kiman
ora sranta, dheweke arep nusul Marni dhewe kang ngerti omahe Sari ya mung
dheweke. Nadyan dipenggak dening para sesepuh lan juru rias, Kiman pangah
tetep nekad. Durung nganti Kiman mungkur, saka kadohan ana mobil mlebu
pekarangan. Lawang mobil mbukak sithik, kasusul ana pawongan wadon
kadandanan kaya putri Ratu Arab nganggo cadhar mudhun saka mobil iku. Nadyan
praupane katutupan cadhar tipis, nanging sapa wae mesti ora maido yen calon
wadon pancen ayu tumpuk undhung.
Wong-wong kang padha nunggu rumangsa lega, utamane Kirno
lan Kiman kang ora sranta mburu calon bojone enggal kasemaptakake ing kursi
manten, nunggu Pak Naib.
Nanging, calon temanten putri malah nggeret Kiman mlebu pendhapa jujug kamar.
Mbuh apa kang ditindakake. Ora suwe, Kiman kang krenggosan metu saka kamar
jumujug marang bapake njur kaglandhang warasan. Kedadeyan sateruse, Kirno
ndhredheg nggegem HP mlebu kamare. Njur ngundang Kimpul. Sabanjure
Kimpul metu saka kamare Kirno sajak kesusu, terus mancal sepedha motor nggeblas
ing petenge wengi iku tanpa ana kang ngerti bakal menyang ngendi. Sawise rada
sawetara Kirno metu maneh lan wis katon sareh, dheweke ngabarake yen dina iki
durung bisa ngleksanaake ijab kabul, amarga Pak Naib nampa dhawuh dadakan saka
Pak Bupati. Ing njero kamar, Kiman lemes bebasan tanpa balung. Jebul kang
dandan manten mau dudu Marni, nanging Sari. Kenya kang duwe dedeg lan
pakulitan kaya calone iku mratelakake yen dina iki mau Marni lunga karo wong
lanang liya sawise mampir menyang nggone dheweke. Sawise Kiman neliti
kahanan wadhah dhuwit, jebul saliyane nggawa motor, HP cacah loro, Marni uga
nggawa dhuwit puluhan yuta. Ceritane Sari, kasurung saka rasa welas yen
keluwarga Kirno nampa wirang, mula dheweke enggal menyang Salon Putri saperlu
dandan kayakang wis diceritakke Marni, ngupaya piye carane nutup wirang.
Kirno banget anggone ngalembana Sari, dene duwe pikiran
luhur. Mula dheweke nawani supaya Sari gelem ngganteni Marni. Eman, Sari ora
gelem yen tenanan. Esuk umun-umun, Sari metu saka omah kang nembe wae nandhang
wurung mantu iku, jumujug marang sawenehing papan kang ing kana wis nunggu
sawijining pawongan, Marni lan pasangane. Sari lunga nggawa pesangon saka Kirno
minangka tandha matur nuwun senajan nganggo nyang-nyangan rega. Ki Sumardi
tetep ndhalang kanthi lakon Alap-alapan Dewi Sembadra.
Dening:Eko
Wahyono
Kapethik
saking : Jagad Jawa – Solopos