Sunday, May 27, 2012

kisi2 kelas8 smt gnp



TAHUN PELAJARAN 2011/2012
Satuan Pendidikan
: Madrasah Tsanawiyah
Alokasi Waktu     : 90 Menit
Mata Pelajaran
: Bahasa Jawa
Jumlah Soal          : 40 PG, 5 Uraian
Penyusun              : Tim Penyusun KKMTs Surakarta
No
Kelas/
Standar Kompetensi
Kompetensi Dasar
Materi
Indikator
Bentuk Soal
No.
Urut
Semester
Soal
1
VIII / Genap
* Mampu mendengarkan dan memahami
* Mendengarkan berita yang
* Berita berbahasa Jawa
* Menyebutkan pokok-pokok
PG
1


   berbagai wacana lisan dalam berbagai
   disiarkan melalui media
   dari media elektronik.
   berita.




   ragam bahasa Jawa.
   elektronik.

* Memberikan tanggapan atas isi
PG
2





   berita.










2
VIII / Genap
* Mampu mengungkapkan pikiran,
* Berpidato
* Pidato berbahasa Jawa
* Menjelaskan isi pidato/sesorah.
PG
3


   pendapat, gagasan, dan perasaan

   (Sesorah).


4


   secara lisan melalui berbicara,


* Menyebutkan bagian-bagian
PG
5


   bertelepon dan berdialog dalam


   pidato/sesorah.

6


   berbagai ragam bahasa dengan


* Menuliskan salah satu bagian
Uraian
41


   unggah-ungguh basa yang sesuai.


   pidato/sesorah.













* Bercerita tentang pengalaman
* Bercerita tentang penga-
* Menjelaskan isi cerita.
PG
7



   yang berkesan.
   laman yang mengesankan.


8





* Menentukan jenis cerita.
PG
9








3
VIII / Genap
* Mampu membaca indah
* Membaca indah cerkak dan
* Membaca indah cerkak.
* Menjelaskan isi cerkak.
PG
10



   Tembang Sinom.



11





* Menelaah unsur intrinsik cerkak.
PG
12







13







14
















No
Kelas/
Standar Kompetensi
Kompetensi Dasar
Materi
Indikator
Bentuk Soal
No.
Urut
Semester
Soal




* Membaca indah Tembang
* Menjelaskan isi Tembang Sinom.
PG
15




   Sinom.


16





* Menjelaskan istilah sukar dalam
PG
17





   Tembang Sinom.







* Menyebutkan watak Tembang
PG
18





   Macapat.







* Menyebutkan aturan Tembang
PG
19





   Macapat.

20





* Menyebutkan aturan/paugeran
Uraian
42





   Tembang Sinom.












* Mampu membaca dan memahami
* Membaca dua paragraf
* Membaca Aksara Jawa
* Membaca teks tulisan Jawa
PG
21


   bacaan berhuruf Jawa.
   berhuruf Jawa.

   yang menerapkan aksara rekan







* Membaca teks tulisan Jawa
Uraian
43





   yang menerapkan aksara swara







* Menjelaskan isi bacaan.
PG
22







23





* Melengkapi teks rumpang.
PG
24











* Membaca Purwakanthi.
* Purwakanthi
* Menentukan purwakanthi.
PG
25







26











* Membaca Paribasan.
* Paribasan
* Menjelaskan makna salah satu
PG
27





   paribasan.
Uraian
44





* Menentukan paribasan.
PG
28








4
VIII / Genap
* Mampu mengungkapkan pikiran,
* Menulis surat undangan.
* Menulis surat undangan
* Menyebutkan jenis surat
PG
29


   gagasan, pendapat dan perasaan secara


   undangan.




   tertulis dalam berbagai bentuk tulisan


* Menjelaskan isi surat undangan.
PG
30


   dan ragam bahasa Jawa sesuai dengan




31


   unggah-ungguh basa yang benar.


* Menyebutkan bagian-bagian
PG
32





   surat.

33
No
Kelas/
Standar Kompetensi
Kompetensi Dasar
Materi
Indikator
Bentuk Soal
No.
Urut
Semester
Soal



* Menulis dua paragraf
* Menulis aksara Jawa
* Menulis kalimat berhuruf Jawa
PG
34



   berhuruf Jawa.

   yang menerapkan aksara swara
Uraian
45





* Menulis kalimat berhuruf Jawa
PG
35





   yang menerapkan sandhangan







   wyanjana.







* Melengkapi teks rumpang
PG
36











* Menulis Parikan.
* Parikan
* Menentukan jenis sastra.
PG
37





* Melengkapi parikan.
PG
38











* Menulis Tembung Garba.
* Tembung Garba
* Menuliskan tembung garba.
PG
39





* Mengurai asal tembung garba.
PG
40

















Friday, May 25, 2012

Wangsalan dan parikan


Wangsalan - Parikan
Wangsalan
  1. Jênang gu1å kowe åjå lali.
    (jenang gulå = glali).
  2. Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan
    (kêmbang garut = grêmêng),
  3. Mbalúng janúr, gêlêma paring usådå.
    (balúng janúr = sådå).
  4. Ngêmbang kacang, mbêsêngut ora kalêgan.
    (kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut).
  5. Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
    (sêkar arèn = dangu).
  6. Kêmbang jambu, kêmaruk duwé dolanan anyar.
    (kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk).
  7. Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso.
    (roníng mlinjo = so - dadi ngaso).
  8. Klåpå mudhå, yèn kalegan paringa apurå.
    (klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan)
  9. Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng olèh rêjêki.
    (kêmbang gêmbili = sênêng).
  10. Witíng klåpå jawåtå ing ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
    (witing klåpå = glugu dadi saluguné)
  11. (Jawåtå ing ngarcåpådå = wóng) .
  12. 11. Kolik priyå priyagung anjani putrå.
  13. Tuhu an, wóng anóm wêdi kangèlan.
  14. (kolik priyå = manuk tuhu).
  15. (Anjani putrå = Anóman - dadi anóm)
Parikan
  1. Wédang bubuk, gulå jåwå.
    Yèn kêpêthúk ati legå.
  2. Sêpêt sêpêt, sawone mêntah.
    Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah.
  3. Wajik klêthik gulå abang.
    Aja suthík, yèn tumandang
  4. Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.
    Najan ora mampír, nangíng liwat.
  5. Kêmbang jagung, dipêthik Cina.
    Barang wis kadhúng dikapaknå.
  6. Manuk êmprít, ménclóok gódhóng têbu.
    Dadi murid, sing srêgêp sinau.
  7. Manúk kutút, manggúng nggantêr.
    Yèn ra nurút, bisa kêblingêr.
  8. Yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå.
    Sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa.
  9. Yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari.
    Mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati
  10. Esuk nyulIng sore nyulíng, sulingé arèk Suråbåyå.
    Esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså.
  11. Awan-awan åjå keluyuran, ånå pak mantri numpak sêkuter.
    Kapan-kapan aku kêturutan, duwe kåncå sinauné pintêr.
  12. Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.
    Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå

Thursday, May 24, 2012

tembang sinom


tembung garba


Tembung Garba
01. aglis
02. anèng
03. aranèki
04. dadyåwúh
05. dhêmênyar
06. duparså
07. jalwèstri
08. kadyå
09. kajwarèng
10. kalokèng
11. kapyarså
12. kalyan
13. lagyantuk
14. 1agyaníng
15. 1êbdhèng
16. lumakèng
17. lumêbèng
18. maharjå
19. maharsi
20. mahamêru
21. malebèng
22. mungging
23. murbèng
24. murwèng
25. narendrå
26. narpati
27. narpéndah
28. natèng
29. nujwari
30. praptèng
31. prawirèng
32. prawirotåmå
33. priyagúng
34. priyanggå
35. ratwagung
36. ratwelok
37. sarotåmå
38. sedyarså
39. sinóm
40. sirèku
41. sitinggíl
42. sugyartå
43. sumbangsíh
44. surendrå
45. surêng
46. surendrå
47. taksyalit
48. tankocap
49. tumengèng
50. tumekèng
51. tumekèng
52. tumujwèng
53. wirotåmå
54. yèku
såkå tembúng : age + gêlis
såkå tembúng : ånå + ing
såkå tembúng : arané + ki
såkå tembúng : dadi + éwuh
såkå tembúng : dhêmên + anyar
såkå tembúng : dupi + årså
såkå tembúng : jalu + èstri
såkå tembúng : kadi + kåyå
såkå tembúng : kajuwårå + ing
såkå tembúng : kalokå + ing
såkå tembúng : kapirêng + arsa
såkå tembúng : kalih + lan
såkå tembúng : lagi + antuk
såkå tembúng : lagi + níng
såkå tembúng : lebdhå + ing
såkå tembúng : lumaku + ing
såkå tembúng : lumêbu + ing
såkå tembúng : måhå + råjå
såkå tembúng : måhå + arsi
såkå tembúng : måhå + mêru
såkå tembúng : malebu + ing
såkå tembúng : munggúh + ing
såkå tembúng : múrba + ing
såkå tembúng : murwå + ing
såkå tembúng : nårå + indrå
såkå tembúng : nårå + dipati
såkå tembúng : nårå + éndah
såkå tembúng : nåtå + ing
såkå tembúng : nuju + an
såkå tembúng : praptå + ing
såkå tembúng : prawirå + ing
såkå tembúng : prawirå + utåmå
såkå tembúng : priyå + agung
såkå tembúng : priyå + anggå
såkå tembúng : ratu + agung
såkå tembúng : ratu + élok
såkå tembúng : saru + utåmå
såkå tembúng : sedyå + arså
såkå tembúng : isih + enóm
såkå tembúng : sirå + iku
såkå tembúng : siti + inggíl
såkå tembúng : sugih + artå
såkå tembúng : sumbang + asih
såkå tembúng : surå + indrå
såkå tembúng : surå + ing
såkå tembúng : sutå + indrå
såkå tembúng : taksih + alit
såkå tembúng : tanpå + ucap
såkå tembúng : tumengå + ing
såkå tembúng : tumekå + ing
såkå tembúng : tumekå + ing
såkå tembúng : tumuju + ing
såkå tembúng : wiro + utåmå
saka tembung : yå + iku

paribasan


Paribasan M - O
M
  1. Maju tatu mundúr ajúr.
    Prakårå kang sarwå pakéwúh.
  2. Matang tunå numbak luput.
    Tansah lupút kabèh panggayuhané.
  3. Mbuang tilas.
    Éthok-éthok ora ngêrti marang tumindaké kang ålå síng lagi dilakoni.
  4. Mênêng widårå ulêran.
    Katón antêng nanging sêjatiné ala atiné.
  5. Mêntung kojå kêna sêmbaginé.
    Rumangsané ngapusi, nangíng sêjatiné malah kêna apus.
  6. Mêrangi tatal.
    Mêntahi rêmbug kang wís matêng.
  7. Mikúl dhuwúr mêndhêm jêro.
    Biså njunjúng drajat wóng tuwå.
  8. Milíh-milíh têbu olèh bolèng.
    Kakèhan milíh, wêkasan olèh kang ora bêcík.
  9. Mrójól sêlaning garu.
    Wóng kang lupút såkå bêbåyå.
  10. Mubra-mubru mblabar madu.
    Wóng síng sarwå kêcukupan.
N
  1. Nabók nyilih tangan.
    Tumindak ålå kanthi kóngkónan wóng liyå.
  2. Ngagar mêtu kawúl.
    Ngójók-ngójóki supåyå dadi pasulayan, nanging síng diójók-ójóki ora mêmpan.
  3. Ngajari bèbèk nglangi.
    Pênggawéyan síng ora ånå paédahé.
  4. Ngalasake negårå.
    Wóng síng ora manut pranatan negårå.
  5. Ngalem lêgining gulå.
    Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh.
  6. Ngaturake kidang lumayu.
    Ngaturaké barang kang wis ora ånå.
  7. Nglungguhi klåså gumelar.
    Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå.
  8. Ngóntragaké gunúng.
    Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti gawé kagèt wóng akèh.
  9. Nguthik-uthik macan dhédhé.
    Njarag wóng kang wís lilíh nêpsuné.
  10. Nguyahi segårå.
    Wèwèh marang wóng sugíh kang ora ånå pituwasé.
  11. Nucúk ngibêraké.
    Wís disuguhi mangan mulíh isíh mbrêkat.
  12. Nututi layangan pêdhót.
    Nggolèki barang sêpélé síng wis ilang.
  13. Nyangóni kawula minggat.
    Ndandani barang kang tansah rusak.
  14. Nyólóng pêthèk.
    Tansah mlèsèt såkå pamèthèke/pambatang.
O
  1. Obah ngarep kobèt mburi.
    Tumindaké panggêdhé dadi contoné/panutané kawula alít.
  2. Ópór bèbèk, mêntas awaké dhèwèk.
    Rampung såkå rékadayané dhéwé.
  3. Ora ånå banyu mili menduwúr.
    Wataké anak biasané niru wóng tuwané.
  4. Ora ånå kukús tanpå geni.
    Ora ånå akibat tanpå sebab
  5. Ora gonjå ora unús.
    Wóng kang ålå rupane ugå atine.
  6. Ora mambu énthóng irús.
    Dudu sanak dudu kadang.
  7. Ora tembúng ora tawúng.
    Njupúk barange liyan tanpå kåndhå dhisík.
  8. Ora uwúr ora sêmbúr.
    Ora gêlêm cawé-cawée babar pisan.
  9. Ora kinang ora udút.
    Ora mangan åpå-åpå.
  10. Othak athik didudút angèl.
    Gunêmé sajak kêpéenak, barêeng ditêmêni jêbul angèl.