Showing posts with label piwulangan basa jawa. Show all posts
Showing posts with label piwulangan basa jawa. Show all posts

Sunday, May 18, 2014

Sengkalan



I.         Sengkalan
Tembung “sengkalan” asale saka tembung “saka” lan “kala” Saka utawa çaka iku jenenge bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalane ana ratu golongan çaka kang jumeneng ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitan\e tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masehi. Mungguh kang dikarepake “sengkalan”, yaiku unen unen kang nduweni teges angkaning taun.Jaman biyen kang kanggo petungan ing Tanah Jawa taun Saka. Nanging saiki ana kang migunakake taun rembulan, yaiku kang petungan sasine manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengenge, diarani: “Suryasengkala” Adhedhasar wujud lan dhapukane, sengkalan ana warna loro;
1. Sengkalan lamba, yaiku sengkalan kang awujud kumpulaning tembung utawa wujud ukara.
2. Sengkalan memet, yaiku sengkalan kang awujud gegambaran utawa pepethan.

Mungguh carane nyurasa utawa maca sengkalan iku kawiwitan saka ekane, banjur dasan, yen ana atusan lan ewone. Tuladha : Rupa sirna retuning bumi.
Rupa    = 1 (ekan)
sirna     = 0 (dasan)
retu      = 6 (atusan)
bumi    =  1 (ewon)     dadi taun : 1601 Saka menawa tahun Masehi kudu ditambah 78 dadi 1679M

Mungguh carane nggoleki aji utawa wataking tembung miturut Candra Sangkala karangane Ki Bratakesawa, kena migunakake wewaton sawetara, yaiku:
1. Guru Dasa nama, Tembung tembung kang padha tegese dianggep padha ajine.
     Kayata : ratu, narendra, nata, katong, pamase, aji, iki kabeh watak siji.
2. Guru susastra, Tembung tembung kang susastrane utawa panulise padha, ajining uga padha.
     Kayata : êsthi, kang ateges gajah, esthi kang ateges sedya utawa pikir ajine padha yaiku: wolu.
3. Guru wanda, Tembung tembung nduweni wanda kang padha, ajine dianggep padha.
     Kayata : wanita, ajine padha karo tembung wani, tembung buja ajine padha karo tembung bujana.
4. Guru warga, Tembung tembung kang mratelakake jeneng kang nunggal bangsa utawa warga, ajine padha. Kayata : ula, baya, bulus, tekek, cecak, kadhal iku kabeh kalebu kewan ingkang rumangkang, dadi padha ajine, yaiku: wolu.
5. Guru karya, Tanduking sawijining tembung, kaanggep padha ajine karo tembung iku.
     Kayata : tangan ajine padha karo nyekel, mripat padha ajine karo tembung ndeleng utama mandeng.
6. Guru sarana, Jenenge piranti kang kanggo nindakake sawijining kriyane, kaanggep padha ajine karo tembung iku.    Kayata : ilat karo rasa, padha ajine yaiku nenem.
7. Guru darwa, Tembung kaanan, kaanggep padha ajine karo tembung kang kadunungan kaanan iku.Kayata : tembung galak padha ajine karo tembung danawa, benter padha karo latu, lsp.
8. Guru Jarwa, Tembung tembung kang jarwane padha utawa meh padha ajine uga padha.
     Tembung rasa padha karo raras, basu padha karo sawer, lsp.

II. Tembung tembung kang dianggep nduweni watak utawa ajining wilangan :
a. Kang awatak siji.
1. Tembung tembung kang cacahe mung siji: nabi, wudel, bumi, buntut, iku, sirah, ratu, aji, nata, wiji, ati, tyas, badan, lsp.
2. Tembung tembung araning barang kang wangune bunder, rembulan, bumi, jagad, rupa, srengenge, rai, lek, candra, wulan, lsp.
3. Tembung tembung kang ateges siji: tunggal, eka, iji, juga, lsp

b. Kang awatak  loro:
1. Tembung tembung kang cacahe loro: mripat, kuping, tangan, asta, suku, dresthi, buja, athi athi, swiwi, lsp.
2. Tembung tembung kang nuduhake kriyane tembung ing ndhuwur: ndeleng, ngrungu, ndulu, nembah, lsp.
3. Tembung tembung kang teges loro: dwi, kalih, lsp.
4. Tembung tembung liyane: gandheng, kanthi, kanthet, lsp.

c. Kang awatak telu:
1. Kang nduweni sesipatan telu: geni, bahni, pawaka, siking, dahana, anala, utawaka, puji, lsp.
2. Tembung tembung kang kanggo wanda tri utawa teges telu: mantri, tiga, hantelu, lsp.



d. Kang awatak papat:
1. Bangsane banyu utawa kang ngemu banyu: her, sindang, suci, tirta, wedang, bun, udan, sagara, waudadi, jalanidhi, bening, nadi, sumber, sumur, wasuh, lsp.
2. Tembung kang ateges papat, catur, pat, lsp.

e. Kang awatak lima:
1. Araning barang kang cacah lima: indri, indriya, dhawa, lsp.
2. Bangsane buta: danawa, jaksa, diyu, wil, raseksa, lsp.
3. Bangsane gegaman: panah, warajang, bana, sara, lsp.
4. Bangsane angin: bayu, samirana, maruta, anila, sindung, lsp.
f. Kang awatak enem:
1. Tembung kang mratelakake rasa: pedhes, amla, kecut, tikta, pait, kyasa, gurih, dura, lsp
2. Tembung kang nduweni gegayutan sipat tembung ing ndhuwur : gendhis, gula, uyah, lsp.
3. Tembung jeneng kewan kang asikil enem: tawon, bramara, kombang, anggang anggang, semut, lsp
g. Kang awatak pitu:
1. Bangsane kang amaratapa: wiku, biksu, resi, dwija, dhita, yogiswara, muni, suyati.
2. Dasanamane jaran: kuda, wajik, aswa, turangga, lsp.
h. Kang awatak wolu:
1. Tembung tembung kang kagolong kewan rumangkang: baya, bajul, slira, menyawak, tanu, bunglon, murti, basu, tekek, cecak, ula, naga, bujangga, taksaka, lsp.
2. Dasa namaning gajah: dwipangga, liman, esthi, dirada, matengga, kunjara, lsp.
i. Kang awatak sanga:
1. Barang barang kang wujude bolong: gapura, guwa, dwara, wiwara, gatra, wilasita, rong, trusta, trusthi, song, babahan, lsp.
2. Tembung tembung liyane: ganda muka, butul, dewa, ambuka, wangi, lsp.
j. Kang awatak sepuluh utawa nol:
Yaiku tembung tembung kang ngemu teges ora ana utawa suwung: sunya, boma, gegana, wijat, nir, tanpa, ilang, mletik, sirna, musna, adoh, antariksa, rusak, luhur, dhuwur, muksa, ngumbara, muluk, mumbul, das, awang awang, angles, mentar, oncat, asat, surut, sempal, tumenga, mesat, lsp.
II.   Tuladha Sengkalan
1.    Indu bana dwi rupa                                                       =   taun 1254
2.    Dwara adri pana indu                                                   =   taun 1279
3.    Panerus tingal tataning nabi                                          =   taun 1529
4.    Panca gana salira tunggal                                              =   taun 1865
5.    Dwi naga ngrasa tunggal                                               =   taun 1682
6.    Naga muluk tinitihan janma                                          =   taun 1708
7.    Wolu ilang kebo siji                                                      =   taun 1708
8.    Buta telu ngojag jagad utawa Tri jaksa ngojag buwana      =       taun 1635
9.    Tri sula kembang lata                                                    =   taun 1953
10.    Sirna ilang kertaning bumi                                          =   taun 1400

Thursday, May 15, 2014

latihan soal ukk kelas 8

DEPAG                   KEMENTERIAN  AGAMA
KELOMPOK KERJA MADRASAH TSANAWIYAH
KABUPATEN / KOTA MAGELANG
 

ULANGAN  SEMESTER GENAP TAHUN  PELAJARAN 2011 / 2012
Mata Pelajaran      : Bahasa Jawa                     Hari / tanggal   : ..........  /  ...........
Kelas/ Semester     :  VIII /  II                          Waktu              : .........................
 

I.Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tanda (X) ana ing pilihan jawaban a, b, c, utawa d.
Gatekna pawarta ing ngisor iki kanggo njawab soal nomer 1-3
Haul Sunan Bonang
            Tuban, Maewu-ewu tiyang ingkang badhe ziarah lan haul dhateng pasareanipun Sunan Bonang sampun sami samapta ing Kitha Tuban. Para peziarah kala wau rawuh saking saindhenging nuswantara. Prakawis punika ndadosaken maceting lalu lintas. Panggenan parkir ing Kelurahan Kebonsari, Kecamatan Kitha ing margi AKBP Suraka tuban boten sagah ngewrat cacahing kendharaan kasebat. Meh saben margi alit lan ageng ing kitha kasebat dipun kebaki kendharaan rombongan ingkang badhe nderek haul.(Sumber: Metro TV, kanthi kabesut saperlune).
1. Pawarta ing dhuwur kabesut saka ngendi....
            a.Metro TV
            b.Jogja TV
            c.AN TV
            d.Edukasi TV
2. Kang dadi irah-irahane pawarta ing dhuwur yaiku….
            a.Haul Sunan Giri
            b.Haul Sunan Bonang
            c.Haul Sunan Drajat
            d.Haul Sunan Ampel
3. Kutha Tuban iku kagolong tlatah propinsi ngendi....
            a.Jawa Barat
            b.Jawa Tengah
            c. Jawa Timur
            d.Madura
4.
·         WAJIB BELAJAR 9 TAHUN
·         SEKOLAH GRATIS
Pariwara ing dhuwur kagolong jenis ....
            a.Pariwara Pariwisata
            b.Pariwara Pertanian
            c.Pariwara Perindustrian
            d.Pariwara Pendidikan

5. Sinonime tembung pariwara yaiku….
            a.Iklan
            b.Sesorah
            c.Pidato
            d.Tanggap wacana
6.Ing ngisor iki dudu syarate basa iklan....
            a.Lugas basane
            b.Gampang dingerteni
            c.Narik kawigaten
            d.Angel tulisane
Wacan ing ngisor iki kanggo soal no 7-8

Panjenengan remen midhangetaken wayang kulit, nglaras gendhing jawa,
Kethoprak lan Macapatan?
Ugi remen kalian tembang-tembang Campursari, Dangdut jawa, Pop Jawa???
Kadherekaken dening Penyiar-penyiar ingkang grapyak, semanak….luwes….
Lan guyonan “NAKAL” mBah Suto, mBakyu Limbuk ugi Mas BaGong….
Mangga midhangetaken….
AM 702 kHz
Radio Koncotani
“Jalur Paling JAWA se-Jogja”
Telpon (0274) 6496200 SMS 081578090186
Alamat Studio: Ratan Godean Km 9 Dukuh, Sidokarto, Godean, Sleman
Acara iki kagiyarake asil kerja bareng majalah Panjebar Semangat.

 
7. Surasane iklan kasebut yaiku….
a. Nawakake radio paling jawa sejogja
b. Ngajak supaya midhangetake radio koncotani 702 khz
c. Ngajak supaya midhangetake wayang kulit, gendhing jawa
d. Ngajak supaya midhangetake guyonan nakal mbah suto
8. Tembung pangajak kang ana ing iklan kasebut yaiku….
a. Panjenengan remen midhangetaken….
b. Kadherekaken dening penyiar ingkang….
c. Mangga midhangetaken….
d. Ayo ngrungokake jalur paling jawa sejogja….
9.  Bapak ibu ingkang kinurmatan sumangga  panjenengan saha kula  tansah muji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt....
Manut cuplikan pidato ing dhuwur kagolong... pidato.
            a.Salam pambuka
            b.Pambuka
            c.Surasa
            d.Panutup

10. Salajengipun kula sulih  sarira kadang kelas setunggal saha kelas kalih atur wangsulan saking pamitanipun kadang kula kinasih  kelas tiga ingkang sampun cekap anggenipun ngudi ngelmu ing pawiyatan punika….
Pratelan pidato kasebut tinemu ing….
a.    Pidhato pengetan HUT kamardikan RI
b.    Pidhato pengetan Maulid Nabi
c.    Pidhato tasyakuran kelas telu
d.   Pidhato perpisahan kelas telu
11. Prakara ing ngisor iki kang ora kudu digatekake nalika pidhato, yaiku….
 a. Ngadeg jejeg kanthi tenang
b. Pandulu/pandangan mengarep
c. Tangan dibanda ing mburi
d.Obahing sarira/awake saperlune wae
Wacan ing ngisor iki kanggo njawab soal nomer 12- 15
Salah Alamat
            Swasana lingkungan sekolah ing awan kuwi sepi.Ana bocah cilik nganggo seragam sekolah lagi ngadep Pak Abu. Aku ngerti yen bocah kuwi omahe sacedake sekolahan. Bocah mau ngaturake bungkusan marang Pak Abu yo kepala sekolah ing sekolahku. Jebule bocah iku dikongkon ibune supaya ngesolke sepatu ing tukang sol sing jenenge yo Pak Abu ing sebelah sekolahan. Aku banjur ngguyu kepingkel-pingkel .
12. Sing diaturake bocah cilik marang Pak Abu yaiku….
            a.Buku
            b.Tas sekolah
            c.Klambi
            d.Sepatu
13. Pengalaman awake dhewe ing dhuwur kagolong pengalaman sing....
            a.Nyenengake
            b.Ngguyokake
            c.Nyedihake
            d.Mrihatinake
14. Sapa kang kudune nampa wungkusan mau....
            a.Pak Abu kepala sekolah
            b.Pak Abu tukang sol
            c.Pak guru
            d.Bu guru
15. Papan crita mau ana ing ngendi....
            a.Omahe dhewe
            b.Latar
            c.Pasar
            d.Sekolahan


16.Tulisane jawa “rekasa  uripe”yaiku....
      a.reks auri[p
    b.  [rksauripe     
  c. xksauri[p
       d. Xkfauri[p

     17. Xluzn\   tulisane iku unine....
            a.lelembut
            b.lelara
            c.lelungan
            d.lemah
18.Aksara swara iku cacahe ana....
            a.3
            b.4
            c.5
            d.6
19. Angka 1945 yen ditulis aksara jawa yaiku….
a.1945
b.1845
c.1745
d.1954
Geguritan iki kanggo njawab soal nomer 20-21
Bekti Kagem Ibu
Sembah sujud bekti konjuk,
Mugi katur Ibu mami
Keng putra sampun rumangsa,
Pinaringan gesang mukti
Urip jaman wus mardika
Warisan pra sepuh mami
....................................
(Kapethik saka: Warisan geguritan macapat)
20.Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur....
            a.Bekti Kagem Ibu
            b.Sinau marang Ibu
            c.Sembah sujud Ibu
            d.Katur kagem Ibu
21.Apa sinonim tembung mami....
            a.Simbah
            b.Ibu
            c.Bapak
            d.Bocah
22.Jenis-jenis  geguritan iku ana pira....
            a.2
            b.3
            c.4
            d.5
23. Ing ngisor iki kalebu titikane geguritan gagrag lawas, kajaba….
a. diwiwiti tembung sun gegurit
b. guru lagune ora kudu runtut
c. guru wilangane kudu padha
d. cacahe gatra ora ajeg
24.Ing ngisor iki paugeran tembang pangkur....
            a.8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
            b.7a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
            c.9a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
            d.6a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
25.Tembang macapat kang jumlah gatrane paling akeh yaiku....
            a.Pangkur
            b.Asmaradana
            c.Sinom
            d.Dhandhanggula
 Gatekna tembang iki kanggo soal no 26-27
Dhuh pra wegig misah sadhu
Mirengna sasambat mami
Linangkung kang tinanggenah
Nggulawentah sastra jawi
Kathinthinga katodhiya
Basa jawi risak sampun
26. Guru wilangan lan guru lagune yaiku….
a. 8u 8a 8a 8i 8a 8i
b. 8u 8i 8a 8a 8a 8u
c. 8u 8i 8a 8i 8a 8u
d. 8u 8a 8i 8i 8a 8u
27. Kang dadi pisambate para wegig yaiku….
a. misah sadhu
b. linangkung kang tinanggenah
c. nggulawentah sastra jawi
d. basa jawi sampun risak
28.Ing ngisor iki kang kalebu tembang gedhe....
            a.Maskumambang
            b.Sinom
            c.Pamularsih
            d.Durma
Gatekna wacan iki kanggo soal no 29-30
Kirab Pasar Tradisional
            Maewu-ewu bakul saka pasar-pasar tradisional Kutha Jogjakarta ngarak gunungan kanthi tema “Kirab Pasar Tradisional”. Gunungan iku diarak saka Taman Parkir Abu Bakar Ali pinuju Stadion Kridosono. Kegiatan kasebut minangka tandha pembukaan promo pasar tradisional.
            Saben-saben pasar tradisional migunakake maneka werna hiasan gunungan. Ana gunungan kang arupa janganan, kerajinan, panganan tradisional, lan liya-liyane. Acara kirab tambah rame amarga ana barisan liong barongsai lan kesenian tradisional, kayata wayang wong, jathilan lan gamelan tradisional.
29. Surasane wacan ing ndhuwur yaiku….
a. Pertunjukan kesenian tradisional ing Jogjakarta
b. Bakul-bakul pasar tradisional Jogjakarta ngarak gunungan
c. Kirab pasar tradisional migunakake maneka werna hiasan
d. Pertunjukan liong barongsai ing pasar tradisional
30. Kang njalari dianakake kirab pasar tradisional yaiku….
a. Minangka promosi janganan, kerajinan lan panganan tradisional
b. Minangka promosi maneka pertunjukan lan kesenian tradisional
c. Minangka tandha pembukaan promo pasar tradisional
d. Minangka tandha yen Kutha Jogjakarta kalebu kutha sing rame
31. Carane nggawe sega goreng
1) bumbu dicemplungake ing wajan
2) diwenehi kecap lan masakan
3) bawang, brambang, lombok, uyah lan gula diuleg
4) sega dilebokake banjur diudek
5) panasake lenga klentik sacukupe ing wajan
Runtutan sing bener yaiku….
a.       1-2-3-4-5
b.      3-5-1-4-2
c.       5-3-1-4-2
d.      4-2-3-5-1








Gatekna carane ndandani gangguan tv iki kanggo soal no 32-33
No
Gangguan
Penyebabe
Cara ngatasi
1
Remote ora bisa digunakake
a.       …………….(1)
b.      Remote rusak
a.       Batrene diganti sing anyar
b.      Dibukak njerone banjur didandani
2
Gambare burek/ora cetha
a.       Boster durung urip
b.      Boster rusak
c.       Antena rusak
a.       ……………………………(2)
b.      Dites nganggo tespen lan didandani
c.       Diganti sing anyar

32. Isine no (1) yaiku….
a. remote rusak
b. remote angel dipejet
c. bostere rusak
d. batrene wis entek
33. Isine no (2) yaiku….
a. diganti sing anyar
b. dipejet tombol on
c. dibukak bostere
d. dipejet tombol off
Gatekna wacan iki kanggo soal no 34-36
Ramayana
Prabu Ramawijaya bisa numpes Prabu Rahwana saandhahane amarga saka pambiyantune Gunawan Wibisana. Senajan dheweke kuwi adhine Rahwana, nanging nduweni watak kang wicaksana, arif, waskita lan waspada. Beda karo Rahwana kang angkara murka, candhala lan dursila.
Rahwana saandhahane diyu kabeh darbeya kasekten, sugih aji jaya kawijayan, kasantikan kanugrahan, ora tedhas tapak paluning pandhe sisianing grenda, nanging nganggo tindak angkara, mesthi sirna dening tindak utama. Mula banjur nuwuhake sesanti kang isi wejangan “Sura Dira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti”.
34. Prabu Rahwana saandhahane bisa ditumpes dening Prabu Rama Wijaya amarga direwangi….
a. Anoman
b. adhine Rama Wijaya
c. Dasamuka
d. Gunawan Wibisana
35. Prabu Rahwana nduwe watak kaya ing ngisor iki, kajaba….
a. wicaksana
b. angkara murka
c. dursila
d. candhala


36. “Sura Dira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti” tegese….
a. senajan sekti mandraguna nanging durung mesthi menang ing peperangan
b. sektiya kaya ngapa yen kanggo tumindak ala mesthi bakal apes dening tindak utama
c. kabeh uwong yen darbe kasekten, sugih aji jaya, kanugrahan mesthi bakal menang
d. kabeh uwong yen tumindak ala, seneng ngganggu wong liya mesthi bakal cilaka
37. Epos Ramayana iku asale saka India lan ditulis dening….
a. prapanca
b. wiyasa
c. tantular
d. walmiki
Gatekna layang iki kanggo soal no 38-40



 

                                                                                Katur   (1)
                                                                                Dhumateng para panitia lomba
                                                                                Ing palenggahan
Assalamualaikum wr. wb (2)
                Menawi boten wonten alangan, panitia lomba macapat kasuwun dhateng kangge ngrembag persiapan kegiatan punika benjing,   (3)
Dinten  : Rebo
Surya     : 1 Juni 2012
Wanci    : tabuh 13.30                 (4)
Papan   : ruang OSIS
……………………………………………………………………………………………………….(5)
Wassalamualaikum wr. wb
                                                                                      Kaliangkrik, 28 Mei 2012 (6)
                                                                                                Ketua Lomba,  (7)

                                                                                                                                (8)
                                                                                                Yudi Irawan        (9)                                                                         

 

38. Manut layang kuwi, isine no (5) yaiku….
a. Cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten
b. Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten
c. Mekaten undangan kula, mugi-mugi para kanca saged sami dhateng
d. Mekaten atur kula, mugi-mugi para kanca boten kesupen
39. Manut layang ing ndhuwur, no (6) diarani….
a. satata basa
b. titi mangsa
c. adangiyah
d. peprenah
40. Layang ing ndhuwur migunakake peprenah….
a. Assalamualaikum wr. wb
b. Wassalamualaikum wr. wb
c. Yudi irawan
d. Ketua lomba



II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
41. Tulisen  tuladhane kalawarti basa jawa telu wae!
42.Tulisen  cengkorongane/bagian-bagian layang komplit (9)!
43.Gantinen nganggo aksara jawa!
            Witing tresna tresnane mung sawetara.
44. Tulisen carane gawe tape tela!
45. Gawea tuladha geguritan gagrag anyar anggitane dhewe!