Wangsalan
- Jênang gu1å kowe åjå lali.
(jenang gulå = glali).
- Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan
(kêmbang garut = grêmêng),
- Mbalúng janúr, gêlêma paring usådå.
(balúng janúr = sådå).
- Ngêmbang kacang, mbêsêngut ora kalêgan.
(kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut).
- Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
(sêkar arèn = dangu).
- Kêmbang jambu, kêmaruk duwé dolanan anyar.
(kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk).
- Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso.
(roníng mlinjo = so - dadi ngaso).
- Klåpå mudhå, yèn kalegan paringa apurå.
(klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan)
- Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng olèh rêjêki.
(kêmbang gêmbili = sênêng).
- Witíng klåpå jawåtå ing ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
(witing klåpå = glugu dadi saluguné)
- (Jawåtå ing ngarcåpådå = wóng) .
- 11. Kolik priyå priyagung anjani putrå.
- Tuhu an, wóng anóm wêdi kangèlan.
- (kolik priyå = manuk tuhu).
- (Anjani putrå = Anóman - dadi anóm)
|
Parikan
- Wédang bubuk, gulå jåwå.
Yèn kêpêthúk ati legå.
- Sêpêt sêpêt, sawone mêntah.
Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah.
- Wajik klêthik gulå abang.
Aja suthík, yèn tumandang
- Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.
Najan ora mampír, nangíng liwat.
- Kêmbang jagung, dipêthik Cina.
Barang wis kadhúng dikapaknå.
- Manuk êmprít, ménclóok gódhóng têbu.
Dadi murid, sing srêgêp sinau.
- Manúk kutút, manggúng nggantêr.
Yèn ra nurút, bisa kêblingêr.
- Yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå.
Sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa.
- Yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari.
Mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati
- Esuk nyulIng sore nyulíng, sulingé arèk Suråbåyå.
Esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså.
- Awan-awan åjå keluyuran, ånå pak mantri numpak sêkuter.
Kapan-kapan aku kêturutan, duwe kåncå sinauné pintêr.
- Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.
Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå
|
No comments:
Post a Comment