Thursday, May 24, 2012

paribasan


Paribasan E - K
E
  1. Éman éman ora keduman.
    Karêp éman malah awaké dhéwé ora kêduman.
  2. Êmban cindé êmban siladan.
    Pilíh kasíh ora adíl.
  3. Êmbat êmbat cêlarat.
    Wóng nyambút gawé kanthi ngati-ati bangêt.
  4. Êmprít abuntút bêdhúg.
    Pêrkara síng mauné sêpélé dadi gêdhé.
  5. Êndhas gundhúl dikêpêti.
    Wís kêpénak ditambahi kêpénak manèh.
  6. Êndhas péthak kêtiban êmpyak.
    Wóng kang bola-bali nêmu cilaka.
  7. Ênggon wêlut didoli udhèt.
    Panggoné wóng pintêr dipamèri kapintêran síng ora sêpirowå.
  8. Êntèk ngamèk kurang golèk.
    Olèhé, ngunèni/nyênèni sakatogé.
  9. Êntèk jaraké.
    Wís êntèk kasugihané.
  10. Ésuk dhêlé soré témpé.
    Wóng kang ora têtêp atiné (méncla - ménclé).
G
  1. Gagak nganggo lar mêrak.
    Wóng asór (cilík) tumindak kaya wóng luhúr (gêdhé).
  2. Gajah alingan sukêt têki.
    Laír lan batine ora pådhå, mêsti bakal kêtårå.
  3. (ng) Gajah êlar.
    Sarwå gêdhé lan dhuwur kêkarêpané.
  4. Gajah ngidak rapah.
    Nrajang wêwalêr dhéwé.
  5. Gajah pêrang karo gajah, kancíl mati ing têngah.
    Wóng gêdhe kang pådhå pasulayan, wóng cilík síng dadi korban.
  6. Garang garíng.
    Wóng sêmugíh nangíng sêjatiné kêkurangan.
  7. Gawé luwangan nggo ngurugi luwangan.
    Golèk utangan kanggo nyaúr utang síng dhisík.
  8. Gayúk-gayúk tuna, nggayúh nggayúh lupút.
    Samubarang kang dikarêpaké ora bisa kêturutan.
  9. Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pakolèh.
    Sênajan alon-alon anggoné tumindak, nangíng bisa kalêksanan kêkarêpané.
  10. Golèk banyu bêníng.
    Mêguru golèk kawruh síng bêcík.
  11. Golèk-golèk kêtêmu wóng luru-luru.
    Karêpe arêp golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang).
  12. Gupak puluté ora mangan nangkané.
    Mèlu rêkasa nangíng ora mèlu ngrasakaké kêpénak.
  13. Idu didilat manèh.
    Murungaké janji síng wís diucapaké.
  14. Iwak lumêbu wuwu.
    Wóng kêna apus kanthi gampang.
J
  1. (n)Jagakaké êndhógé si blórók.
    Njagakaké barang kang durung mêsti ånå lan orané.
  2. (n)Jajah désa milang kori.
    Lêlungan mênyang êndi-êndi.
  3. Jalmå angkårå mati murkå.
    Nemoni cilåkå jalaran angkårå murkané.
  4. (n)Jalukan ora wèwèhan.
    Sênêng njaluk ora gêlêm mènèhi.
  5. Jati kêtlusupan ruyúng.
    Kumpulané wóng bêcik klêbon wóng ålå.
  6. Jaran kêrubuhan êmpyak.
    Wóng wís kanji (kapók) bangêt.
  7. Jarít lawas ing sampiran.
    Duwé kapintêran nangíng ora digunakaké.
  8. Jêr basuki måwå béa.
    Samubarang gêgayuhan mbutuhaké wragat.
  9. (n)Jujú muwúl.
    Prakårå kang nambah-nambahi rêkåså.
  10. (n)Junjúg ngêntêbaké.
    Ngalêmbana nangíng duwe niyat ngasoraké.
K
  1. Kacang ora ninggal lanjaran.
    Kabiasané anak niru wóng tuwané.
  2. Kadang konang.
    Gêlêm ngakóni sêdulur mung karo síng sugíh.
  3. Kalah cacak mênang cacak.
    Samubarang pênggawéyan luwíh bêcík dicoba dhisík biså lan orané.
  4. Kandhang langít, bantal ombak, kêmúl mégå.
    Wóng síng ora duwé papan panggonan
  5. Katépang ngrangsang gunúng.
    Kagêdhen karêp/panjångkå mokal biså kelakón.
  6. Katón kåyå cempåkå sawakúl.
    Tansah disênêngi wóng akèh.
  7. Kåyå banyu karo lêngå.
    Wóng kang ora bisa rukún.
  8. Kakèhan gludhúg kurang udan.
    Akèh omongé ora ånå nyatané.
  9. Kêbanjiran sêgårå madu.
    Nêmu kabêgjan kang gêdhé bangêt.
  10. Kêbat kliwat, gancang pincang.
    Tumindak kêsusu mêsthi ora kêbênêran.
  11. Kêbo bulé mati sétra.
    Wóng pintêr níng ora ånå síng mêrlókaké.
  12. Kebo ilang tómbók kandhang.
  13. Wís kélangan ngêtokaké wragat manèh kanggo nggoleki malah ora kêtêmu pisan.
  14. Kêbo kabótan sungu.
    Rêkåså mergå kakèhan anak.
  15. Kêbo lumumpat ing palang.
    Ngadili prakårå ora nganggo watón.
  16. Kêbo mulíh menyang kandhangé.
    Wóng lunga adóh bali mênyang omah manèh.
  17. Kêbo nusu gudèl.
    Wóng tuwa jalúk wurúk wóng ênóm.
  18. Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak.
    Kêgêdhèn kakêrêpan nangíng kurang sêmbada.
  19. Kajugrugan gunúng mênyan.
    Olèh kabêgjan kang gêdhé bangêt.
  20. Kêkudhúng welulang macan.
    Ngapusi nggawé jênêng wóng kang diwêdèni.
  21. Kêlacak kêpathak.
    Ora bisa mungkír, jalaran wís kabuktèn.
  22. Kêna iwaké åjå nganti buthêg banyuné.
    Síng dikarêpaké kêlakon níng åjå nganti gawée rusak/ramé.
  23. Kêncana katon wingka.
    Sênajan apík nangíng ora disênêngi
  24. Kêndêl ngringkêl, dhadhag ora godak.
    Ngaku kêndêl tur pintêr jêbu1 jiríh tur bodho.
  25. Kênès ora èthès.
    Wóng sugíh umúk nangíng bodho.
  26. Kêplók ora tómbók.
    Wóng sênêngané maido thók, ora gêlêm mélu cawé-cawé.
  27. Kéré munggah balé.
    Batúr dipèk bojo karo bêndarané
  28. Kéré nêmoni malêm.
    Wóng kang bêdhighasan / sêrakah.
  29. Kêrot ora duwé untu.
    Duwé kekarêpan níng ora duwé bandha/wragat.
  30. Kêrubuhan gunúng.
    Wóng nêmóni kêsusahan síng gêdhé bangêt.
  31. Kêsandhúng ing råtå, kêbêntus ing tawang.
    Oleh cilåkå síng ora dinyånå nyånå.
  32. Kêtula-tula kêtali.
    Wóng kang tansah nandhang sêngsara.
  33. Kêthèk saranggón.
    Kumpulan wóng kang tindak ålå.
  34. Kléyang kabúr kanginan, ora sanak ora kadang.
    Wóng síng ora duwé panggónan utåwå omah síng têtêp.
  35. Klênthíng wadah masin.
    Angèl ninggalaké pakulinan tumindak ålå.
  36. Kongsi jambúl wanên.
    Nganti tumêkan tuwå bangêt.
  37. Krókót ing galêng.
    Wóng kang mlarat banget.
  38. Kriwikan dadi grójógan.
    Prakårå kang maune cilík dadi gêdhé.
  39. Kumênthus ora pêcús.
    Sênêng umúk nanging ora sêmbada.
  40. Kurúng munggah lumbúng.
    Wóng asór/cilík didadèkaké wóng gêdhé.
  41. Kuthúk nggéndhóng kêmiri.
    Manganggo kang sarwå apík/aji liwat dalan kang mbêbayani.
  42. Kutúk marani sundúk ulå marani gêpúk.
    Njarag marani bebåya.
  43. Kuncúng nganti têmêka gêlúng.
    Suwe bangêt anggoné ngêntèni.
  44. Ladak kêcangklak.
    Wóng kang angkúh nêmóni pakéwúh margå tumindaké dhéwé.
  45. Lahang karóban manís.
    Rupané bagús/ayu túr luhúr bêbudèné.
  46. Lambé satumang kari sêmêrang.
    Dituturi bola-bali mêksa ora digugu.
  47. Lanang kêmangi.
    Wóng lanang kang jirèh.
  48. Lêgan golèk mómóngan.
    Wís kêpénak malah golèk rêkasa.
  49. Lumpuh ngideri jagad.
    Duwe kekarepan kang mokal keturutan.

No comments:

Post a Comment